BABAD GALUH
Babad Galuh adalah koleksi naskah kuno dari Kraton
Kasepuhan cirebon merupakan warisan karya budaya leluhur yang mempunyai
nilai yang sangat tinggi baik dari sudut sejarah, sastra ataupun
disiplin ilmu lainnya. Agar warisan ini tidak punah ditelan oleh zaman,
maka purlu adanya penyelamatan isinya agar dapat diketahui dan
dipelajari oleh generasi muda.
PUPUH I
DHANDHANGGULA
01
Ingkang
rinipta carita puniki, sasi kalih tanggal kaping sanga, Senen Wage ing
rangkepe, pengeting tahunipun, tahun Be kang hijrah Nabi, sewu
rongatus ika, punjul wolung puluh, ing tahun Be Punika, among angsal
wolulas dinten nenggih, wau ingkang kalampah.☻
02
Awong
dening kang anyerat iki, pan jenenge Kyai Serengrana, kang alinggih
Pulasaren, mantrine Sultan Sepuh, pan kalangkung bodho tur langip, pan
ora nalasamwa, ing tawilunipun, waktu anyerat punika, … umur skeet tahun
nem warsi, akatut kang …….☻
03
Nama
samya ingkang sami kapti, amaosa carita punka, kang sastra langkung
awone, akathah tanduk kang sigug, poma samya angapunteni, lan sampun
caket pandam, sampun kari luwung, nyanggi talutuh ngalantang, lawan
sampun nyaringin nang iku sami, ingkang sami sudi maca. ☻
04
Kang
pinurwa Pajajaran Mangkin, samantuke sang Ciyungwanara, saking bumu
Galuh nengge mentas praja ji wau, kali Ardhangbang awisik, si kakang
kang mingetan, araga salimur, aneng alas Maostikta, pan si adhi mangulon
ngadeg dewaji, ababaka nagara. ☻
05
…..
Pajajaran sadakti, dawuh jengjenan kadang, Cipamali watesani,
Ciyungwanara nurut, ngilen kali kang Ibu Dewi, Rara Kandhegkinarha,
jimat tunggul payung, ingiringi pandhe dhomas, gumurudug ngilen wus
dumugi maring, Babakan Pajajaran. ☻
06
Wus
kapanggih lan Indang Sakati, kang pinangku panembahanira, kang
gagandhi ing pilungguhe, sang Ciyung angadeg Ratu, iku Indang Gunung
Saketi, kang dadi emban-emban, arjaning sapaku, sinawung galih liniga,
kawula warga Sakati kang uri-uri, kang arjane sang nata. ☻
07
Cantrik
Sakati ingkang anami, lawan wau kadangira, kang kocap ing namane,
sikaki elu-elu, Ki Okesa kalawan malih, Empretmohe ya ika, kang sami
amangun, angistreni lungguhira, Ciyungwanara angadedi Sribupati, ing
Nagara Pakuwan. ☻
08
Wus
rineka jati pangupami, umbul-umbul kulit wanara, ingkang acemeng
ulese, akadi kulit lutung, kombala buntut sing asami, mangking kombala
badhak, ing waos pangrenyu, godebak bungkul cabolan, kang ginawe rontek
buntuk monyet dadi, sarengga-rengganing praja. ☻
09
Payung
agung kulit maung kuning, marapit ing …. Sang Nata, sangkep sami
kaprabone, …. Wus gemuk, kang ngaolatingkah negari, ical jenenging wana,
dumadi praja gung, agenging kawula bala, pasar ageng pan samya suka
ing ati, ing sadina-dina rena. ☻
10
Andrawina
kang kawula alit, gemelane reyog ngimba sraya, tampingan gunung arame,
dhog-dhog byos pan dharugdhug, kang tharokthok egar kapati, rame kang
surak-surak, kidung sari baung, sundari alas langenan, kikitiran ing
pucuking lingga sari, jemegur yen kaginan. ☻
11
Yen bondanan pandununging…., pan jumegur lir
mariyem kang swara, kang winangun … unen-unen, ing siang lawan dalu,
Maha Raja ing Pakuaji, Prabu Ciyungwana, riniyung ing sagung, warna
rupaning sambawa, sato-sato kang bisa akata jalmi, sok lutung kidang
ika. ☻
12
Kang
mambangan ules gumaringsing, kebo bule bungkul kang pancal pat, padha
icep bal makabe, gelap pon sami ngulun, angintali barat angabdi,
iton-intin liwurkali, jurig dewa mambar, sabawaning ratu susupaning
wasi, lir kang estu ajar padhang. ☻
13
Ajar
Padhang ingkang dukmadhemit, ingkang murwa sagala jagat, ing Pajajaran
tanggale nuli…., dhasar masih sedhepan daging, rai awujud buta, purwa
sing Cialur, rarakandheg mila dadya, pangrampiging menak Cidahur
nyungkemi, purwaning abal raja. ☻
14
Datan
roro tetelu ing kapti, isa baisa Dipati Alurcenang, ing Pajajaran
suude, santana kinabandu, ragem-ragem mariboting sih, sadasa sami
prapta, akidang kandhuru, Kikandhuruwan babalban, seja tuhu genya karsa
angabakti, amegeng sewakanira. ☻
15
Mangunaken
sagung kapurati, lembah dhuwur lan pintu tundhaga, saha sri ing
samandhepane, ngajangaken alun-alun, …. Pasowan panggenan aji, kang
kepering angi … puraken gunung, limbung aning guwa santang, nengenaken
sasagaran giri tasik, ngajengaken bomanta. ☻
16
Sabandare
sing sabrang sumadhing, paningadhun sang Bima larang, Sri Jampang
sarta jinggine, gul menak umbul adhu, rang-orange jinunjung inggil,
anyakra kapatiyan, ing Sundha ginunggung, pating rangu rangu Sundha,
pan sirnaning ratu sukma ing pati, amageng kawicaksanan.
17
Pan
kapati kang duweni manis, cina Sundha kawilang lilima, ingkang
kacepengan dene, Ki Ardha mangun gen trahe nenggih, ing Pahing
dintenira, andhum wancinipun, anyepeng para gul menak, pasisihan utawi
manca nagari, cekelan mangun gentra. ☻
18
Ki
Tumenggung Sayoga nyepengi, ….ing sawancinira, angrekuricak cepenge,
ing ayunan sang prabu, pan acaos basa ing aji, dupi ingkang kang nama,
Demang Elu-elu, dine Wage jaganira, anyepengi putusan pra padungapti,
ing bener lawan salah. ☻
19
Kang Ngabehi Lempretmonge kang jagi, dina Keliwon cinepengan, prajurit ing sawancine, ing ulu balang wau, sungga
watang sarampang bandring, kukuh ing pat Pakuan, sinaroja umbul, dalem
ingkang kuna-kuna, samya ngidhep ing Pajajaran angapti, nalika
binathara. ☻
20
Ing Ciwindu anteng ….paning, dhalem Tepus nalika wong kuna ing Raja….., kidhalem
kuwu agung, Sendang Cibuntu ing praja ngapti, dhalem demang kangene,
sindhang kasimanut, lan ki dhalem Cintangbarang, dhalem Pakulada dhalem
Pakuaji, dhalem Rangga Pakuan. ☻
PUPUH II
P A N G K U R
01
Angir-angir
ing buwana, pangaline rara nama Mundhing Jamparing, lan kang namane
sinebut, Kalibadhaglolopak, kang kinarsa angirupi para ratu, para idhang
kang primanca, nagara urut pesisir.☺
02
Nyata
sang roro ponggawa, sampun mentar kalawan idhine pati, naklukaken para
umbul, para dhangan pasir panjang, sang dhang bana Ujung kulon wus
anungkul, Pasir Adu Pulangdhang, sura sowan sabrang pati. ☺
03
Banten
…. Ujung Maladha, Menak Lampung sadasa kang ngapti, dhumateng sang
Raja Ciyungwanara Pajajaran, apa maning sang dhang Jakerta panadhun,
Jograt Lantan Tawangpadhang, Karawang lan Ujungmilir. ☺
04
Losaribang
kulon miwa, Palimanan Carbon Girang katiti, Jepun kulon gumulung,
Indramayu lan Kondha, sang Srijunti sang Kalana Kandhanghaur, sadasa
akedhep samya, ing Pakuan Pakuaji. ☺
05
Amung
siji ingkang nyelap, ingkang ngambek sucira angrasawani, iya iku nama
ratunipun, Raja Mongkara, aneng Ujung Batagonggang …ipun, estu tan arsa
kedhepa, ing titah ….aji. ☺
06
Kocap
bala Pajajaran, seja lurug dhatmakaning kulilip, pirang-pirang bala
maju, daman pangunjung tanah, bala Sundha ngadhaning rangseng padha
kawur, dhening prahara lautan, tanpa sangkan breking angin. ☺
07
Wong
Sundha ingkang prawara, pirang-pirang ambalan tan budhihi, tan maju
kadhadhak kawur, tiba ing sawah-sawah, ing tetelar aniba pating
talumpuk, lir walang kawur prahara, manglkana sandhenging wani. ☺
08
Salamine
ing ngayuda, datan ana wau ingkang ngucili, enggal pan sira alaju,
yika Badhak lolopak, sabab bareng rereping kang lisus, den age
caked….., anila bimi ning angin. ☺
09
Nadyan
…. lan jajal, pan pinanggih lan Sindhang Mongkara aji, yaganal
pamuwusipun, la iki kene apa, wong Kajiwa bumi re gelem nyangkul tembene
ya ing amendhak, ingkang kadhang raja iki. ☺
10
Puniki
bumi Pasubdhan, ingkang estu warise juragan Ahing, pusaka sang Prabu
Galuh, kang wus merad susirna, mangkana Ratu Sundha kang dhadha susulur,
amisesa sasigar Jawa, iki kang si rajeneki. ☺
11
Kukubaning
Ratu Sundha, apa gawe si rajenak ing riki, den ora gelem anungkul, ya
para age bu………, ana jenek enggon kene sira iku, ….. kang ora suka, dhen
dhadhi kulilip. ☺
12
Raja
Mongkara panabda, Lalangkara ewong dadi kulilip, lawan Anglangkara
ratu, adhuweni buwana, pan buwana Dhangwinta ingkang ngawangun, ratu
mung ngaku kewala, padha ewong ambeneki. ☺
13
Padha
bae suwaningwang, apa bidhane tunggal enggoning bumi, sira ingkang
selang gumun, ambeg sawenang-wenang, budhi kethek napsunira kaya asu,
Badhak Lolopak jal Kidang, anubruk dhateng sang aji. ☺
14
Sigra
sang Raja Mongkara, matek mantra dhal emesal menginggil, anyepak
maring kang musuh. Kontal Badhak Lolopak, niba tangi anubruk mali
dencawuk, den balangaken …., tiba tangi ngudhak maning. ☺
15
Dedupak
malih kapental, ora meneng-meneng abalik maning, anuli sira den cawuk,
binalangaken tebah, nuli prapti ika wau ingkang lisus, kawur si Badhak
Lolopak, kabereg-bereg ing agin. ☺
16
Tan
kena aju narajang, kasektening Mongkara wantuning, putraning Bramana
Laut, mila Dhikbo samana, semunira karsa angadhoni ratu, ingkang
mangkono ngadheg anyar, ana ingsun ya negari. ☺
17
Ora
kaya Ciyungwanara, jar akathi Indang Gunung Sakathi, ingkang kaparing
…, ing Munting Jamparing, aja sira papa … iku, balikan sulusupana,
api-api saha ngabdi. ☺
18
Kawula
nana ngendhatna, yen wis kanggep tungkuling wong aurip, colongen ika
kang tuhu, ing Kahuripanne raja, kang dhen wadhali Beruk Kalapaciyung,
den wus kaebut kang jimat, mangsa suweya sasakti. ☺
19
Yata
munting Jamparing, lumaksana sawisiking Yangnini, ing Batagonggang
angulun, watara satus dina, wus uninga pancing surupe Yangwiku, Beruk
jimate Mongkara, pan gawa minggal tumuli. ☺
20
Katur
ingarsaning Ingdhang awan, Munting Jamparing angadhepi, maring
panusuling musuh, yata kang bala Mongkara, gumarudug anusul …. ipun, …..
padha soroh ambek pejah, wong … angladosi. ☺
21
Ramya
ingkang pancaraga, papaning bala mapan saolih-olih, bala Pajajaran
kondur, sinerong ing amukan, wadya maju Badhak Lolopak alaju, bala
Mongkara kokalan, kondur dening Badhak muring. ☺
22
Raja
Mongkara naraji, Badhak Lolopak sampun kawalik-walik, satengah pejah
dhen pupuh, Munting Jamparing lawan, lami rowang anyekep marang sang
ratu, Raja Mongkara sira, pan Silepe saking wingking. ☺
23
Dug
Munting Jamparing, pan satengah pejah den wali-walik, tan adangu
Indhang Gunung, saka tiyang amba …., … jejel paring pitulung, andhawuhi
kang udhan krama, Raja Mongkara mudhidhing. ☺
24
Angeles
lumpuh entro raga, wus andhepok ing sihi tanpa sakti, yata prasami
rinebut, ing bala Pajajaran, Raja Mongkara dhen asandhangi dhata
tangsul, kasri ing babadhanira, miring Prabu Pakuaji. ☺
PUPUH III
S I N O M
01
Iya
iku purwanira, Lalopak lawan Jamparing, Sinungan lenggah arya, Ki Arya
Munting Jamparing, lan Arya Badhak Lolopak, pan iku karananipun, olih
gaweyan manca nagari, Raja Mongkara sampun angangya sewaka.♥
02
Aturing
kang para … kawitan, dhumateng purba nagari, Pakuwan … Ciyungwanara,
Ratu Agung Sundha sakti, ingapingan jeng nini, lintang saka tipun niku,
timbul salir wirasa, sastra Sundha kartajani, sastra selawe gumelar ya
ing Pasundhan. ♥
03
Lan
rarasaning manusa, gawe ewag saking Jawi, ngamperi rarasan sabrang,
basa Sundha kang panuji, mangkana arsa aji, Kanjeng sapta loka, iku
ingkang sawiji, Kutha Manggung Kutha Raja kutha Gara. ♥
04
Kutha
Larang kutha Jampang, kutha Idhang apa maning, kali prakwise nama,
gara tengah gara jati, gara … gara wangi, gara aji gara pagu, gara jaya
kang …, … tigang prakawise nami, Sundha sari Sundha lengdha Sundha
larang. ♥
05
Sundhawestu
Sundhasana, Sundhalayang Sundhajahi, lawan prakawise nama, Ujungkulan
Ujungbumi, Ujungkembang Ujungsemi, Ujungtana Ujungbarung, lawan
Ujungkandhi, lan gangsal prakawise, Bantalwaru Bantalwire Bantarjaya. ♥
06
Bantarwangi
Bantarpanji, Bantaraung Bantarjati, nem prakarane ingaran, Raja Galuh
Raja Cingcing, Raja Jawa lan malih, Raja Larang Raja Dhanu, Raja Kowek
kalawan, Raja Wetan miwah malih, pitung prakawis anama medhang kamulan.
♥
07
Medhangdhatar
Medhangpala, Medhangrasa Medhangterik, lawan Medhangkawiraja,
Medhangko … sajati, sapta loka wus dadi, gumelar rajaning ratu, Sundha
Amalatra, Ciyungwanara pakolih, garwa padmi saking Gembong arah wetan. ♥
08
Kang
kasebut ing paparab, kang nama rara Cunggilis, kang pinangka
prameswara, ing Pajajaran sang aji, ing wuri-wuri jati, ing kadhaton
dhalem agung, ratu Cunggilis krama, Ciyungwanara wus mijil, putra estri
kang paparab ing arja. ♥
09
Putri
Purbasari mulya, ing pura Sundha negari, pinutri-putri ing nata,
ingadhang agung ing aji, karaname narpati, … putra jalu, amung ika
wanodya, … jayeng aji, dumadiya turun saluraning raja. ♥
10
Putrining
Ciyungwanara, ika putri Purbasari, komalaning dhalem pura, Sundha ora
nana maning, dupi garwa sembar ayu, putri saking Bangbayang, sang
korone becik-becik, nami Dewi Tingtrim wawanginira. ♥
11
Lan
Dewi Markeseh kembaran, Martingtrim ingkang yumani, iku kang
Pajajaran, Markeseh ingkang yumanibini aji ing puri, Pajajaran
kaliyipun, kagarwa dhening nata, nanging boya amiyosi, sakaliye ing
gigabug tan aputra. ♥
12
Mila
… Banghayang, sanget kaul-kaul mambri, … kagungan waya, kang miyos
saking narpati, prandene … yakeni, esi tan kena tinedhu, akathah ajar
bramana, kang jinalukan jajampi, parandene oranana siji laksana. ♥
13
Martingtrim
Merkedheng lunta, gabuk ora amutrani, nuli sang Ciyungwanara, ngalap
garwa malih milih, ingkang tedhak sisiwi, dreman ing sabronjotipun,
wonten malih kang putra, menak Cicilutung gelis, kang kekasih iku Jeng
Dewi Anjatan. ♥
14
Ing
Pakuwan pinakrama, wus angapti maha dewi, dinama-nama ing marma,
parandene tan mutrani, gabug salami-lami, usada … wus tepung, tan ana
leksanannya, sang Prabu …, agagarwa saking bebeting Bramana. ♥
15
Putri
saking Kandhanglarang, sinedhepira dumadi, katur ing nata Pakuwan,
nami Dewi Kilikmangi, ginawa ing sang aji, mapan mangkana agabug, datan
miyos putra, jajampi sing ngenda-endi, ora nana ingkang darbe laksana.
♥
16
Lir
ta selirnya marapag, langkung kawandasa sasi, ingkang
ngadining-ngadenan, rinegep sari ngumining, iya orana siji, ingkang
amiyos sinunu, gawok kasri nalendra, dening mung kalethek siji,
Purbasari wadon kang winadhang-wadhang. ♥
17
Saluraning
Pajajaran, mila saderenge lalis, sang Prabu Ciyungwanara, krajahan
dhen palipur, saparoning pribadi, saparo ing sunu ayu, … kang upacara,
cathik-cathik raja peni, sapaliye Purbasari kang ngagem. ♥
18
Dugi
maring pabarisan, sapalih ngapti ing siwi, Bawatbenggi sari Manglar,
Bawatciyung Naga Sakti, judhipatnantang weri, judhialiman sang dhekur,
suradhadhu sarabang, kereronce kereampit, dhadakpulur wigalba wiragalba.
♥
19
Purbasari lan kang rama, kadi kembaran narpati, supaya wadon lan lanang, ajumbula moning angaksi, dereng karsa alaki, yen tinaros banget lumuh, tan kenging dipun purba, dening karsaning narpati, para ratu kang karsa … lesan. ♥
20
Pirang-pirang
kang sewaka, ambaka … pikulih, kang arsa sewa panglami, nanging datan
den pidhuli, akeh kalesan balik, ana baliking dhalanggung, sing sabrang
saking Jawa, kang akarsa samya balik, padha mundur mulak ora
tinampanan. ♥
21
Ajaja
sipating jalna, sedhengane dewa aji, padha mengga ing ngalama, kapepes
ing tan kaconggi, ingkang mara-mara balik, ingkang mara-mara kondur,
Prabu Ciyungwanara, rada melang-melang kapti, bok sang putri kencok
aning mamala. ♥
PUPUH IV
K I N A N T H I
01
Sagung
papalisanipun, saking kang rama narpati, kang ingarsane si rara, pan
mangkana wangun mali, sapta loka pari mina, ing ngarsane sang Dewi. ☺
02
Saprakara
kang sinebut, Budiwati Budiminging, Budirujit … Budi …, Budisari
Budigolis, Budipandhang miwah ika, rong prakara ingkang nami. ☺
03
Luwilaja Luwilidhung, Luwiseeng Luwimundhing, Luwiladha Luwidhingding, telung prakarane nama, Sokapura Kokaaji. ☺
04
Sokapolang
Sokaratu, sokawiyana lan malih, Sokamanah miwah ika, Sokanegara apa
maning, patang prakarane kang nama, Kawungluwih Kawungaji. ☺
05
Kawunglarang
malih ipun, Kawunginten Kawungsari, Kawunggehe Kawungomas, limang
prakarane kang nami, padhapenah padha bongor, padhamatang lawan…..☺
06
Padhamuhi padhamadhung, padhareka padhamuraging, nem prakarane kang nama, Sabdanawa Sabdasari, sabdamenyat Sabdawangi. ☺
07
Sabdalarang
malihipun, pitung prakarane kang nami, Sindhangkempeng Sindhangbarang,
sindhangayu Sindhangaji, Sindhangwangi Sindhangpala, miwah ingkang
Sindhangkasih. ☺
08
Sampun ing kadya puniku, kng simaan rama aji, dupu rangga kapatihan, dumateng putri Pakuwan, Jeng saputri Purbasari. ☺
09
Dupi
ingkang rama prabu, Ciyungwanara ingabdi, dening Arya Mangunkentra,
Karapu Yudanegari, ing sapandum-pandum nira, Mangunkentra rada ….☺
10
Rang-urange
pandumipun, Menak Mangun … praniti, raja Galuh lan Talaga, Kuningan
lan Sindhangkasih, Ciamis lan Sokapura, Panjalu muwakawali, pusaka
kawuri-wuri. ☺
11
Cikaso
lawan Luragung, Makber lan Cipamali, Lebakwangi lan Cikuwang, sapure
kang katiti, Cigugur lawan Cirayap, Cionje lawan Ciori. ☺
12
Cikendheng
lan juga Cigintung, Cibarangbang Cipaburi, Cikandhang Cicaridhangan,
Ciakarwangi katiti, salwe princi kawilang, Menakwacacayan istri.
13
Purbasari
kang amengku, la iku dadi laluri, teka ing satedhak-tedhak, lamun
pajajahan istri, iku sun dak sigar wetan, prawatesanipun kali. ☺
14
Bayabang
kali Cilutung, mangetan jajahan istri, Menak Pakuwan ingaran, pusaka
kawuri-wuri, dupi sing kalih bayabang, mengulon iku kang dadi. ☺
15
Pasawahan
ramanipun, Ciyungwanara apa maning, Menak Pacacahan lanang, laluri ugi
salami, kang nama Menak Pradhangan, sigar kulon sun dapuri. ☺
16
Pon
salawe princi umtul, Ujungkulon apa maning, Bogor lawan Kanjapura,
Kadangladhang Pasiraji, Cianjur Kujang Limbangan, Sumur Bandung Sunedang
aji. ☺
17
Manonjaya
Garut Ciaur, Batuwalang lan Biribis, Sawung … Gantilah Munoro,
Tegaluwar apa maning, Cikokok lan Nungkalaya, Sokowiyana lan malih. ☺
18
Wanabaya
Cibalagung, ukurlantara Juangin, salawe princi kawilangan, ing
pajajahan angabdi, wengkuning Arya magentra, ing ngarsa Sri Pakuaji. ☺
19
Wus
kukuh kang bala ratu, jajahan Sundha nagari, sang Prabu Ciyungwabara,
kang angresa hawa aji, karata gampang pangulatan, kang sarwa tinandur
dadi. ☺
20
Sakalir
karsa kadulur, agung kacipta dumadi, nuli ika garwa lima, jeng
pawestri Cunggelis, maringtrim Merkedheh mewah, Anjatan lan Giliwengi.
21
Sami
sinunut cangkohipun, mangkana kang prameswar sinung cacapagunungan,
gunung Ga Gunung Licin, gunung dhukut gunungsira, gunung Lajer gunung
Kelir. ☺
22
Kapituning
gunung wupu, Parakatan pawestri, dhupi iku aneng ana, sinung
pobojongan menggih, Bojonggaluh Bojonglapang, Bojongnerwasa
Bojongleppit. ☺
23
Bojongmuntas
Bojongwindu, Bojongrentan ingkang dadi, Parekatan iku Sundha, dhupi
sang jeng bini aji, sinung sasapetegalan, Tegalkolot Tegalpakaji.
24
Tegalmenak
Tegalbaput, Tegalgubug Tegalkunyit, Tegalmoto ingkang dadya, Parekatan
bini aji, dupi maha Dewi Sundha, kang sinung sasapan indhi. ☺
25
Paindhon
kang winalungun. Indhupari Indhuaji, Indhujanten Indhugirang,
Indhuraga Indhusari, Kapitune Inddhujaya, Paraketan nini aji. ☺
26
Dupi
ingkang Dewi matur, sinung palebak kalepti, Lebakcenang Lebakcehang,
Lebakpanjang Lebakwangi, Lebaksidhu Lebaklenggar, Lebaklawang wus
dumadi. ☺
27
Sawawasa
prati umbul, ora selang surup apti, iku rerekan Pakuwan, bedha lawan
Majapahit, golong sapurba sasmaya, dhupi Pakuwan Marinci. ☺
28
Temah
dedeake Ratu, ing Pakuwan ikut yakti, prasasat den prenca-prenca,
kamukten den bagi-bagi, mangkana adat Pakuwan, kang kanggo salami-lami.
29
Mula
akeh menak umbul, ingkang satta sabumi, mila-mila kawisesan, angreka
sabagi-bagi, waneh kang campur wong sabrang, anggelar enak ing urip. ☺
30
Padha
among sanak sambung, kinalilan purba bumi, waneh ingkang leletana,
kasilane den remani, dening kang padha anyewa, maring bumi ming narpati.
31
Sewa
aning paken agung, pamule pegantang salir, ingkang mawa tatakeran,
pamajeganing pangumping, anut maring kasabpolah, tukang maring pajeg
trasi. ☺
PUPUH V
ASMARANDANA
01
Ki
Lurah Rawaprasmi, pamajegane gugubar, iku Ratu kang dheres,
pamajeganipun gula, Ki Lurah gurupadha, pagantang pajeganipun, mangkana
kang lurah wana.☼
02
Ateka
yu kang lumari, kang sabandar pajeg ira, kekendhangan kang isine,
lelemes buwatan sabrang, ingkang lumampah ing Sundha, kethang prunggu
kang sinundhuk, ing tatali karompyangan. ☼
03
Bolong-bolong
kaya dhuwit, bendher den cap sastra Sundha, kus jembar kahuripane,
sawah tan mawi lalanjan, mung den wis panepadha, atur catur baktinipun,
wus dadi anak Pakuwan. ☼
04
Palawijaning
wong cilik, den elus sakamya-kamya, ora nana pajegane, sailing-elinge
padha, babakti ing majikan, yen wis padha ngundhuh-undhuh, tangu gegel
ing majikan. ☼
05
Warnanen
sang Pakuaji, ing salamine amurba, ing Pajajaran tuwuhe, kewuhan
dening kapadha, akarsa ing sang rara, Purbasari naminipun, mingkung
dhatan arsa krama. ☼
06
Wanti
naros ingkang yudi, ature wau kang putra, tan arsa akrama ingong,
sanadyan para nalendra, kang karsa dhateng kula, besane lamon kinuwu,
pinardhi ingwang tuwa. ☼
07
Kaul
alukan mati, sumadi isun akrama, iku kang dadi pegele, manahe
Ciyungwanara, re kang putra samana, tatambah wus mider tepung, ora nana
kang tumama. ☼
08
Wus
pirang-pirang pamuji, wiwiku lan ajar-ajar, ponora tumama kabeh, japa
mantra lan istiar, ora nana kang misata, sang nata sanget gegetun,
tumon adate kang putra. ☼
09
Kalangkung
bebek ing pikir, reiku kang kinudhang, winadhang-wadhang wiyose,
turunanira drapona, marna bangsa raja, dhupi iku teka mingkung, tan ana
turun tedhakan. ☼
10
Du
uwis amung sawiji, wadon tumuli mangkana, tan kena den palar mangke,
turunan lantaran krana, dupi den lumuh krama, temah puthes anak putu,
kang dadi bebeging manah. ☼
11
Ratu
Sabrang Ratu Jawi, kang asresewa panglamar, iku dhipati Manglewat,
saking anagara Tuban, lawan Dhipati Japara, lawan Dhipati Cidah, lawan
Arya Balangbangan.
12
Saking
sabrang Raja Kelir, lan Dhipati Singgapura, lan Arya Dhagdhagase,
suradil pan titah raja, sakabeh ika padha, anggondhel prakara iku, ing
Prabu Ciyungwanara. ☼
13
Ruru
bae anggonturi, wus loba tanpa wilangan, mila sanget kewuhane, enggone
nari kang putra, dhadhak sakala ika, Purbasari inggal mangun, tumanga
geni sakala. ☼
14
Ageng
ilur sundhul ing langit, marakbak kagila-gila, lir baronggong
beledhoge, wuku pring apilar wangwa, Purbasari dhuk sabda amit pejah
rama prabu, den kula pinardi krama. ☼
15
Alum
kula anglabuhi tumangan geni sakala, jasad kawula sanggine, tumpes aja
katingalan, ing kadang ing ngakin, den nama kumudu-kudu, kawula
sumangga pejah. ☼
16
Sumandika
umalaki, kaprawasa dening priya, tan kangkat to nandhang, wirang
nekaringgit ing jasad kula, kang dados sakiting manah, ajur kula dados
awu, sama dening kula wirang. ☼
17
Jaler
punika kamangi, sasada susut den wis waya, way kalereng anggepok, den
sampun gepok ing rasa, mundure tut sausap, atemah boten mambu, boten
memper dhateng rasa. ☼
18
Rasa
kang sampun binukti, istri kang kabobongganan, mila kula angedados,
purnapa awu sahana, sang Prabu Ciyungwanara, angandika aja babu, nini
labuh geni sira. ☼
19
Lan
aki sumamung aji, mung sira tan ana liyan, kang dadi ati ewuhe, sipat
matane si rama, mongsa pira gesang, sanadyan nama sihing rupa, anak
putu den arampak. ☼
20
Babarayan
ngadek aji, ing kamukten padha uman, padha bareng mukti kabeh, lan
anak putu den rampak, ingson kang urip dawa, anunggoni anak putu, sing
purwa teka daksina. ☼
21
Mangkana
prangregep mami, Dewi Purbasari girang, mintuhu sakadikane, kang rama
kadi mangkana, nanging ika tumangan, tan asung pinancas parum, masih
munjuk kang dahana. ☼
22
Den
pinaksa alaki, sejane labuh dahana, mila tumangan masihe, kang geni
gupak cawisan, Den Purbasari medho, wawadine kayak iku, ora jamak lan
manusa.
23
Sang
Ciyungwanara aji, sak akal budi pandaya, amangsuli kang anggondhel,
raja-raja atas sabrang, maredheng … maksa, jamak istri asasdhu, tinari
laki popoyan. ☼
24
Mangsa
wontena pawestri, tinaros mangsuli iya, utawi kaluncurane, sesaengek
jamak wanudya, tan nilapaken rama, den jeng rama sampun asung, sang
putri juwala purap. ☼
25
Ciyungwanara
mangsuli, den kula pundhi kentasa, mangke kang dados parenge, kang
suka punika rara, den sampun bubudayan, karanten dan mangke tulus,
dados awu lelebaran. ☼
26
Ika
iki kangngangking, kawula kelangan anak, prandene den anakake, tan
kaya dening dadaman, amung siji anak kula, nuli ika temahan lampus,
karinggi awak kawula. ☼
27
Raja
sabrang mangkeya angling, sak lilaha ing jeng rama, aweyos geni
jatine, tumangan kita pri pejah, rumuhun kita lanat, sasampuning geni
urut, kita sami medhek sowan. ☼
28
Ling
sang Putri Purbasari, andhadhanr untunging awak, sing ngakenggep ing
babajane, kang boten kanggep sanjata, ing cilakane awak, tapi punika
satuhu, boten dados pana sarana. ☼
29
Panuhun
raja tas angin, kasabrangan pan sadaya, maketen ugi ciptane, memanten
dados ing karsa, raja rama Ciyungwanara, dipun jemba ing pamuhung, ing
songonging kasabrangan. ☼
30
Bilih
boten angrakepti, ing adat tabidat Sundha, nanging putra sabrang
kabeh, rempage kadi mangkana, munggi kang rama lila, saduka-duka
kasuhun, anuhuning palamarta. ☼
PUPUH VI
M I J I L
01
Ya
Prabu Ciyungwanara mangsuli, boten wonten roro, ya tetelu aturku
sajatine, gih punapa karsa putra aji, kawula dhuluri, sok dadiya arju.®
02
Sampun
nelangsa ing salasa tunggil, punika kang dados, panedha kula ing
sadayane, para putra sing ngatas angin, pan rama ing uni, dhateng
saenipun.
03
Kula
tempuhaken lawan nalisip, bilih putra mangko, nuntenweleh geni boten
moset, karanane punika kang geni, dede geni pranti, sampun kadhalangsu. ®
04
Heran
kula ika geni, tan wonten sosolot, manther angger tan ana surude, kula
dhugi wonten nyurupi, adhining asakti, kaduk mahinggurut. ®
05
Raja-raja
sabrang aturnya aris, gih cobi kemawon, geni lawan toya musuhe, kang
atos inggih dipun linggis, mangkana kang inggil, dipun sengget runtuh. ®
06
Ingkang
letak dadi pujajagi, kang suker tinatas entong, lagi laut kang jro
jembare, kenging ugi den silulupi, lan dipun langeni, kalawan parahu. ®
07
Punika
malih wernine kang geni, gampile kang mangko, Prabu Ciyungwanara
sahure, la inggih sakarsane sami, kahula kang nguning, dhateng saenipun.
®
08
Ya
ta raja sabrang ting padhigdhing, reka-reka gatos, ting surakata ing
sahakale kabeh, gawe pongpa kang anemburwarih, wane gobakwari, sisrate
mancur.
09
Ana
gawe banyu janantrawis, warna-warna katon, banyu pecut kang munjuk
mancure, akal sabrang ing sabagi-bagi, ana gawe banjir, bumi metu banyu.
®
10
Sigegen
ingkang sabagi-bagi, kocapan sang katong, ya sang prabu Ciyungwanara
jatine, kawalahan anglaladeni, maring kang ngamambri, dhateng
putrinipun. ®
11
Sya
kathah kang para bupati, kang sadya patakon, kang anglamar tiban
sampire, ruru bae wus anjaladri, pangumbuk-umbaking, rurubahing ratu. ®
12
Ing
alun-alun wus dadi ukir, kang murut mrangmong-mong, ya sang Prabu
dereng nampani karsane, dening ewuhe putraneki, lumuhe tan apti, ewu
mana para ratu. ®
13
Kang
wus sewaka kulina ngasi-asih, ing praja gung kono, ratu papat iku
rurubahe, Palimanan kalawan Junti, Ujungtanah malih, lawan Kandhanghaur.
®
14
Sakapate
anjum aminta kasih, lan putri ajodho, dhalem Palimanan wau sewakane,
sayajenggi lawen manggi kardi, den panjer dumadi, buta geng asiyung. ®
15
Parandene
ing putri den tampik, enggo apa thongsot, buta ngengenggo apa gawene,
aneng kene anjejemberi, gewe ingkang tewi, lan gawe tahinipun. ®
16
Dalem
Ujungtanah kang panggapti, maring putri kono, Sadhajenggi matur
kasaktene, la den nemu gawe ika nuli, den panjer dumadi, musuh datan
weruh. ®
17
Dasa
rupa merat sampurna lalais, la ika duk pahor, ya prandene tan kanggep
sawakane, dedenira jeng putri anampik, enggo apa sakti, kaya kuwi niku.
®
18
Merat-merat
apadu menesi, esak-esak katon lawan katon, la saka sanake, ora papa
mungguhing mami, sakti kaya bellis, anyiluman kidul. ®
19
Dalem
Munti ingkang pangupami, dateng putri kono, kang walira katimaha
gawene, la den karsa lulumbaning tasik, binuwang dumadi, buhaya tan
untung. ®
20
Jajar-jajar
kaya gethek ramping, atur karsa kang akon, parandene tan kanggep
sewakane, ing putri den tampik malih, enggo apa sakti, bubuhayaniku. ®
21
Gigilani
mungguh ingsun iki, ora rerengkono, endah rama malih prahuake, anganti
kang buhaya jiji, ora sudi mami, ingkang kaya iku. ®
22
Dalem
Kandhanghaur kang pangapti, rasukan kang poleng, kang ulese loreng lir
kulite, wohing lir kulite, wohing rarawe lir wulu kucing, saktine den
manggih, gawewan rinusak.
23
Nuli
katon macan ageng wingit, nangkono den panor, parandene tan kanggep
sewakane, dening putri tinampik malih, enggo maning, baju kaya ikut. ®
24
Dadi
macan apa gunaneki, esak-esak ewong, nuli dadi dato sanepane, ina
temen mungguhing mami, jalma nyarupaning, maun padha iku. ®
25
Ora
layak temen mungguhing mami, sakti kang samono, ya ta atur-atur balik
kabeh, datan ana kang kanggeping putri, Purbasari apik, nanging kersane
sang Prabu. ®
26
Ciyungwanara
mgadheg pangabekti, sanadyan tan kanggo, tan kaserep ing putri
karsane, iya Endah Kitarawati, jingika kasaktin, bok menawa besuk. ®
27
Ana
gunane ing sawuri-wuri, ngulatana ayo, dupi iki yawis teka dhewek,
amung kita darma ngopeni, simpenen kepati, rang-urange gupuh. ®
28
Gemenana
ing kawan prakawis, ing gedhong kilempong, gadha dalem pakuncen kang
gedhe, pramilane Pakuwan darbe asakti, ingkang kawan warni, iya saking
iku. ®
29
Saprakara
Pajajaran bangkit, nyipta buta ijo, iya saking Palimanan asale, rong
prakara ing Pakuwan bangkit, ora katon dening, pambereging musuh. ®
30
Kadi
merad sapadhaning lalis, sada kang den enggo, den panjer dadi ing
wiyange, Pangroban ya sakti saking, Ujungtanah pasthi, ning mongkara
windhu. ®
31
Telung
prakara Pakuwan bangkit, cipta buhayangon, saking Juntu tudu
pinangkane, patang prakara ya bisa dari, macan cipta saking, dalem
Kandhanghaur. ®
PUPUH VII
M E G A T R U H
01
Kawarnae
ingkang padha sungguh-sungguh, sadaya pangngabakti, warnanen ika sang
prabu, sabrang amateni geni, sareka budine entong.©
02
Banyu
singsor sing dhuwur padha maribu, rebut dhingin den dhingini, duga
kaya udan ribut amalabar ingkang banjir, sing lor sing kidul sing
kulon. ©
03
Saking
wetan campuhe wau kang banyu, prandene tanmigateni, geni manjer tanpa
surud, urube angger tan gigis, gumuruh sorak bala wong. ©
04
Ladalah
rekaning wong sabrang gathul, prandene pating padhig-dhig, angraba
kena ing banyu, banyune cabar cawiri, ratu sabrang nyata wadon. ©
05
Ora
pira budine pating dharug-dhug, tan bisa meteni geni, prandene kadhuk
asanggup, sumagar ngarepi putri, iku dumehne wong wadhon. ©
06
Kaparimen
yen wis geni ora purum, iku geni ngisin-isin, wong Pajajaran gumentur,
surake kang para aji, raja sabrang kaliwat ing sor. ©
07
Saya santek geni tinuruwan banyu, kaduga pitung bengi, tan ana endhaning banyu, naging tan bisa mateni, maring genining manon. ©
08
Manonjaya pawestri jeng Listupaku, dangu-dangu ika warih, dadi wedang mulak metu, gawok para narpati, budi rekane wus pokok. ©
09
Kawirangan
dadi sira padha ngandhu, prasami apikir-pikir, iya bener ing sang
prabu, Ciyungwanara duk angling, ora yamane ya ewong. ©
10
Purbasari genine patut den iku, iya ana kang nyumurupi, gelare ya kaya iku, ora mati dening warih, la iki intening wadon. ©
11
Duk
angandut nuli ana ingkang laju, kang anglosot anganjerki, niyat sami
tur garumbyung, seja amateni geni, saha kala akalengkono. ©
12
Dalem
iban Palimanan lanunipun, anyangking sadanya jenggi, dadi buta sada
iku, prakasa raksasa gasik, munggah ing gunung den enggo. ©
13
Angurugi geni wus jumegur-jegur, nanging ora dadi mati, mundhak dadi urub-urub, lema dadi wangwa geni, muwuhi gedhene katon. ©
14
Ya muwuhi gedhene ing urubipun, buta ilang tan nguwali, atemah geni dhuwur, dhumadi ana gumanti, dalem junti denya norong. ©
15
Lan walira katimaha buhaya muncul kapethakan ngebyuki, padha anyunguri urub, wangwa ambles geni masih, buhaya musnah kalowos. ©
16
Gene pager ora nan sudanipun, jer si geni den surupi, dening rara panas nenggu, dewaji dhemit, Sunan Tambalayung Kolot. ©
17
Nuli ana gumantine kang lumaju, dalem Kandhanghaur sakti, macane kang di adhu, sigra angrehai geni, lelewane galak katon. ©
18
La
yen nyenggreng ing geni adadi parum, ora kaya urip maning, yen den
senggreng pesparum, ora suwe jebul maning, mangkana layan mangkono. ©
19
Mati urip mati urip urubipun, suwe-suwe urip jati, macan sirna geni murub, kalesan kangarah pati, ning geni lawan gumantos. ©
20
Dalem
Ujungtanah anyangking sadha dipun den sabetaken tumuli, maring geni
lawan parum, yen den sabet pes mati, tan suwe jebul kemawon. ©
21
Datan
mendha mati maning jebul murub, kalesan kang mikarani, dening geni
delap timbul, kawirangan para aji, dening welehing wigatos. ©
22
Wusing kadi mangkana welehing ratu, egare sang Purbasari, kadya kaduk wuwusipun, payu ayonana iki, putri Sundha kang wulangon. ©
23
Aja wonge genine panika punjul, singa-singa kang sakti, bisa mepes geni isun, pasthine sun aku laki, la iku sembaran ingon. ©
24
Iya iku kang dadi nereging laku, ratu salawe prasami, miyarsa sembara ratu, dadi padha minangkani, anglabuhi sembara wong. ©
25
Ratu salawe nagara la iya ku, satriya sanusantawis, padha karsa tegal lan ratu, saking awu-awu langit, Manggadapura agatos. ©
26
Mangka
dipati Surawangga malihipun, para mantri lawan malih, gembong
Pasuruwan agung, rujitmanlawe lan malih, malapati ing kadhaton. ©
27
Bongdaraji manggala sarebo jagung, sasra yuga dasa pati, bimakkendra gili uri, carat sewu sumarongbong. ©
28
Tobasruyungan sarayaksa kendha layu, pangulawat sampun sami, agunem-gunem anglabu, seja amateni geni, geni apetaka den go. ©
29
Kang
den enggo sayembara atiku kuwung, geni adhune warih, gampang adat kang
kalaku, sewanehe amangsuli, mangsa kilapa kang ngenggo. ©
30
Pati-pati den sembaraaken ikut, saking ora paranti, geni tan mati neng banyu, wawartose angabati, dening banyu datan kawon. ©
31
Pramilane
cacak coba samya rawuh, alagelar dening yakti, kita padha dhulu-dhulu,
tan kawagang ing ginisi, sinten kang bagja kemawon. ©
PUPUH VIII
D U R M A
01
Ya tawiyang ratu salawe nagara, Mingsun dhahang ngayoni, ing geni sakala, apara ratu wira sakti, anyipta awan deres kagiri-giri.
02
Ilen-ilen
banjir bena amalabar, dupi ika kang geni, amsih ngenak-enak, pon masih
kaya saban, gawoke para narpati, ana kang cipta, topan kagiri-giri.
03
Tampek
geni iku ora kara-kara, dhatan dhoyong samendhing, urube tan obah,
kabenan dening topan, masih ngayeg ingkang geni, ana kang nyipta gelap
namber ing geni.
04
Parandene
geni tan kage tan obah, angger urubing geni, heran kang tuminggal, lan
geni apa baya, guru gelap tan mateni, waneh kang yipta udan kalalar
wedhi.
05
Angebyuki
ing geni tan kara-kara, kaurungan ing wedhi, ora dadi apa, suraking
bala Sundha, ningali ungguling api, para sang nata, kang sami hebat
ningali.
06
Karsa
waneh ana ratu nrajang lan pana, deni dipun panahi,lan sabalanira,
padha angrobi pana, ya ora nana ngudhili, kang geni waluya, kaya saban
duk lagi.
07
Ana
ingkang maju sabalanira, geni dipun bedhili, sawancining sanjata,
sadaya awurahan, prandene geni tan mati, sangsaya mundhak, gedhene
ingkang geni.
08
Waneh
ingkang para ratu lajune rampak sabalane ngebyuki, kalawan kabalang,
watu kang sakalapa, kang sapendhil sakalenthing, dengo ambalang, maring
urubin geni.
09
Ora
nana bisa ingkang matenana, ing geni apa maning, raja-raja ingkang,
sabalane arampak, sikep bandring-abandringi, agni sakala, pan angger tan
mati.
10
Kang
saweneh ana ratu kang narajang, geni dipun pendhangi, ya ora karasa,
wus entong kang tanaga, waneh ingkang anyudhuki, maring dahana, ana
ingkang numbaki.
11
Nonohogi
wis sabagi-bagi tingkah, tan nana miyatani, geni masih lunta, urube
kaya saban, surake wong Pakuaji, lawan nyata, para ratu tan sakti.
12
Datan
ana gunane mipis dahana, prandakane kumaki, dipun wasa-wasa, panyanane
la apa, den arani kaya geni, kang saban-saban, iki geni dhudhu geni.
13
Dewi
Purbasari langkung bungah, ngrasa kagungan asri, pangameng-amengan,
tur ta laya tuwana, saestu kang pasang giri, kocak kang jagad, putri
Sundha asakti.
14
Pan
sinegeg kang pasang giri punika, kocap ratu sadhasaring, Sanghyang
talaga, yang tala kaherang, tedhak Prabu Galuh dhingin, wau kang nama,
Sanghyang Bulusputih.
15
Kang
ayoga Sanghyang Panggungkancane, adarbe siwi panendhi, iku kang anama,
Sanghyang Maharaja, Lutungkasarung asakti, ana guneman, sajane
angaoni.
16
Genem
kalih sodara wedhi kang nana, Sanghyang Ngacihiki, awit putraning
Sanghyang, Talagamanggung nama, adarbe siwi pandendhi, ingkang anama,
Hyang Jakahawa sakti.
17
Sanghyang
Talagamanggung duk pangandika, aputra-putra mami, den sira sumeja,
Lutungkasarung sira, tangtu sira amakolih, ajodho lawan, maraja
Purbasari.
18
Seblakana
iku geni tangtu pejah, lawan sasabet iki, si jajaka tawa, iku kang
pindah-pindhah, tan kena gagabah, denora acining warih.
19
Banyu
pitung windu gawanen nyeblak, kang geni pasang giri, bareng uculena,
dhiwone padha mesat, camethi kalawan geni, weruha sira, kang nuksma
aneng geni.
20
Iku
putra Sunan Tambalayun ika, iku kang anami, Putri Rara Panas, ya
Indhang Telubraja, mengko den kaseblak pasthi, mesat aniba, ing Banten
prananeki.
21
Saendenge
intri alumuha krama, panas bawane benjing, kang singa kadhokan, tan
kuwat ing sangsara, besuk mari-mari mandi, den wis kapendhak, lan
Jakatawa benjing.
22
Pecut
iku tibane ing bumi Selan, besuk tinemu wuri, si Jakatawa, jodho lan
Rara Panas, besuk aneng guwa jati, gene panggiya, praciptanen den jati.
23
Pan
wus tutug kang pangandika samana, enggalira tumuli, Jakatawa dadya,
golethak sampun rupa, cemethi sihaciwara, kena ing sabda, ingkang sayoga
mandhi.
24
Layan
Lutungkasarung pamit anembah, sarta nyangking cemethi, dinulur ing
karsa, dhateng ing Pajajaran, nembah matur ing sang aji, yenara numpak,
sayembara raja putri.
25
Prabu
Ciyungwanara ngandika liya, kamanyangan den yakti, munggapa kang
salah, ing seja sudi malar, kaputren Sundha negari, ambabarena, si bapa
kang ningali.
26
Yata
oreg kalabandhu Pajajaran, seja nonongton mangkin, ing sagelar ira,
kang ngarama rawasa, nyata geni den cemethi, geblas asirna, bareng
lawan cemethi.
27
Bareng
mesat cemethi lawan dahana, suraking Pakuaji, den ini satriya, olih
gawe gadhang dadi, majikan kita, pan ora pindho gaweni.
28
La
ya iki nyata tegese wong lanang, ladining sajati, nyata tedhaking
nata, wani ing Sundha negari, tangtune ika, mangsa liyana maning.
PUPUH IX
LADRANG
01
Kawarnaa jeng suputri Purbasari, pareng mulat, ing geni mepes wus lalis, dadi mujungbaheng pagulingan.
02
Ya sang Prabu Ciyungwanara sedhep manggihi, maring ika, Lutungkasarung den angling, ya ki mantu ingkang murba sigar wetan.
03
Menak pra kuwu kapurba sira, kang ngimponi, iku cacangkoking putri, pra watesan bangbayang purbaning anak.
04
Sakarepa angolahi ngadeg narpati arimbitan, ki mantu kalawan rabi, Purbasari la iku ing jodhonira.
05
Lutungkasarung ing sembah ira kapundhi, si jeng rama, pati rang-urange gasik, byantarakaken dhateng ing kawula wadya.
06
Apa kaya adating ngadeg narpati, maha raja, Lutungkasarung muponi, sigar wetan Pajajaran ingkang murba.
07
Menak pra kuwu dupi ingkang ngapti aji, dupi menak, prayangan masih nyungkemi, maring sang prabu sepuh Ciyungwanara.
08
Sang maraja Lutungkasarung winarni, genya ripta, pan nagara anyar dadi, arah wetan pan katelah Pajajaran.
09
Karajaan gumelar punapa kadi, ya para raja, lan jalma ing Pakuaji, wus ora nana paja-pajaning manusa.
10
Ya wus apa dudune mara jabali gene raja, ing Kiskendha duk ing dhingin, ya amangku garwa widadari pelag.
11
Mung siwane Lutungkasarung saiki agagarwa, dereng patut sarasmine, durung becik durung sajejeging akrama.
12
Nanging iku wus sangkep kang bini aji, miwah ingkang, garwa kalingking kang nami, matur dewi marapag selir akatha.
13
Kawandasa sisihing selir kang selir aji, amung iku, prameswari Purbasari, masih elik durung sakastaning krama.
14
Dhudhukune singdhi ora kang nambani ora nana, tatambah kang miyatani, ajar cantrik nusa Jawa pan kalesan.
15
Kalesane ora sanggup anambani prameswara, Purbasari denya elik, maha raja Lutungkasarung asabar.
16
Sabab kapuhung pyambege madeg aji lantarane, saking Dewi Purbasari, ratna iyang jongratna sapa kang gawa.
17
Tan na liyan Lutuingkasarung prayogi putraningkang, panggung kancana asakti, lami-lami sang raja amanggih warta.
18
Ya sang raja Lutung kasarung miyarsa wartyi, pulo lingga, yen ana brahmana sakti, ingkang ana ing lingga ing kasabrangan.
19
Kaya-kaya ika bisa anambani prameswari, namaning brahmana kuwi, kaki brahmana Maniklingga Buwana.
20
Ya ta Prabu Lutungkasarung nimbali patih ira, patih rang-urange pinrih, kang pinutus nabrang maring sang pandhita.
21
Den sawawi ature ajar maniklingga wayang, rawuh aneng Sundha puri, kang sun ajap sun gondhela ingkang usada.
22
Badan tampi rang-urange timbalaning karsa nata, dadya sejanira gasik, sarta Panglima kakalih ingkang binakta.
23
Lalawaran ya iku panglima nami, Ki Lagondhang, kalawan Ki Gumariming, sarta dipun binaktan adhi rurubah.
24
Kang babasan panglalandhep lawan wajani sabaita, isi gula aren jawi, sabaita isi empon-empon jawa.
25
Saparahu isi pucung lan kamiri, boleh Sundha, sapara umaning isi, minyak jarak kalawan minyak kalapa.
26
Minyak kacang miwah saparahune maning kang sasoca, sela weweton sing jawi, lan lelemes sewetweton buwat Sundha.
27
Sigra layar ki patih dhateng jaladri sartanira, parahu pitu lumiring, lalawaran wus teka ing pulo Lingga.
28
Pan wusmedhek ing ngarsane bramana luwih aba saja, den kaputus ing sang aji, ngaturaken pasihan dalem Pakuwan.
29
Pitung prahu kang kaisi warna-warni, gegel nata, dhateng madhigda ing mriki, inggih tuan yen katuran.
30
Angrawuhi dhumateng Sundha negari inggih ara, woten kersane sang aji, ki brahmana Linggabuwana anabda.
31
Sarta gumujeng asuka rena kang ati aturena, puji pangesthi kang jati, ing prakara gegele Sri Pajajaran.
32
Iya ika luwih nuhun nanging kangsi iku barang, pitung prahu gawanen balik, aturena maning ing Sri ing Pakuwan.
33
Aja sumlang ing karsane sri bupati, mapan ingwang, pan wis karsa aji, isun medhek ing Pakuwan.
34
Aja lawan den ruruba iku maning isun seja, tulung usada kang jati, patih rang-urange wus age balika.
35
Patih rang-urange ature ariris bok punapa, sareng ngalempa pribadi, tumindake jengmadigda lan kawula.
36
Ki brahmana sabdane patih ya patih aja kurang, pracaya kang maring mami, data ana kang bramana iku bobad.
PUPUH X
PUCUNG
01
Ya sang patih rang-urange sigra wangsul sabaitanira, sampun abalik sakabeh, lalayaran dumugi ing Pajajaran.
02
Pan wus katur ing ratu Lutungkasarung, karsane madigda, sejanipun medhek dhewek, pun bramana sampun ngartos dhateng karsa.
03
Ya sang raja aris ing pamuwusipun, den estu pramana, tangtu mangsa bobat gedhe, lawan mangsa suwe laku den lalampah.
04
Tangtu jagad pandelenge mung sagandhu, lan mangsa gelema, ing rurubaku prantine, miskin tan ngulati sugiye tan rarawat.
05
Wis becike anti ratuhipun, nanging lamon bobad, padha kita lurugane, kita tumpes ya ika sang bramana lingga.
06
Ya ta lawas bramana pan durung iku rawuhira, ngenten tanpa anten-anten, malah prabu Lutungkasarung wus gawa.
07
Putra saking ikut ika den pilungguh, lanang nama ira, ingkang sarta lulungguhe, Raden Rangga lanwan Mantri Kethebasa.
08
Linggihan ing Bnaten angarta dhatu, terang layan karsa, dipun prabu sepuh mangke, Raden putra inggih ing Bantana warsa.
09
Dupi putra saking bini ajinipun, lanang pinangaran, Raden Mantri Ranggalawe, Jayakarta alinggih ing rat Jakerta.
10
Pon kalawan lilane sang prabu sepuh, sampun gelar tata, karajaan kaprabone, kang angrengga iku saking Pajajaran.
11
Dupi putra saking maha dewinipun, lanang karya parab, Sanghyang Resi Luwiluwe, kang amangku indhahan nang Ujungkulan.
12
Dupi putra ingkang saking dewi matur, lanang kang namane, Sanghyang Sancakrit namane, kang amengku indhahan nang Ujungkaras.
13
Ingkarsane snang prabu Lutungkasarung, aneng Pajajaran, dipun rangkepa patiye, patih jero patih Burbutjalang.
14
Rang-urange kang dadi papatihipun, arja aneng jaba, roro tumenggung anyare, kang anama ki Tumenggung Sanggrarungan.
15
Ki Tumenggung Selangkuyit naminipun, lan roro kang anyar, kademangan ing namane, Demang Gogok lempog kalawan kang nama.
16
Demang Bangkong sendhong andeling pamuk, gumelara kata, jirnapura pulung beler, pan samono lawase kang prameswara.
17
Durung becik kelawan Lutungkasarung, nuli tan antara, bramana Lingga rawuhe, maring Sundha wis den mulya-mulya ika.
18
Atur makca pangandikane sang prabu, he paman bramana, manira nedha tulunge, ya kongsiya adhepe nama sang rara.
19
Gone elik wis windon takeran tahun, kaduga manira, barangahan anakake, saking rabi liyan kang metoni anak.
20
Dupi rabi babaku durung sapundhul, iku bebeg ingwang, paman bramana tulunge, idhepena iku paman garwaningwang.
21
Pira bae ing mangko wajaninipun, seja sun pilala, ya duk jurung saragane, sang bramana gumujeng atur sandika.
22
Sampun sumlang bapa prakawis puniku, prakawising garwa, dalem tangtu mangke sae, lan sang prabu nanginging punika sang rara.
23
Mangke sae sacombana lan sang prabu, pun paman tumuta, uninga dhateng raose, tan asusah wajani punapa-punapa.
24
Aleng pundi tan awor sandeng saumur, gagarwa carapa, binandhing combana mangke, uning raose pun paman ginawa kawan.
25
Maharaja Lutungkasarung abendu, tegane ta sira, bramana cora nalosor, dan sang prabu ngunus dhuhung pan tumandhang.
26
Sigra nudhuk bramana ajaja terus, dhumateng walikat, nuntak ludira maleber, pan tinarik kang dhuhung bramana pejah.
27
Ingkang layong angucap tegane ratu, sun dhaku mendrassa, ana wong jaluk nrasane, kang pakenak teka sinung rasa lara.
28
Nyata kumed maraja Lutungkasarung, ya mangsa luntaha, dadi ratu Sundha kene, sabab dening kumet arep bapa garap.
29
Yata prabu Lutungkasarung mituhu, sabdane babathang, dadi gumaregeten sewot, kakeyan bacot si bramana camera.
30
Iku padha obomgen babathang iku, sirnaken pisan, ambri aja ababacot, ya tumangen cone dadi awu pisan.
31
Ki patih Brubutjalang tanpa wuruk, narik kang babathang, maring jaba adhan rame, bandhu kula warga agawe tumangan.
32
Tan adangu ingkang geni amurub, kurnapa bramana, wue sirna purna den obong, ora kaya aluse bramana Lingga.
33
Manjing garba garwane Lutungkasarung, sumerep sumanira, sabadhan sedya wa-awor, Lutungkasarung dumadya raga asiyan.
34
Dewi Purbasari sira andulu, maring maha raja, Lutungkasarung warnane, dadi mundhak bagus katone gumawang.
35
Ya sang putri Purbasari remen kalangkung, kena ing asmara, dadi kakatonen bae, maring kakung tan kena pisah sadhela.
36
Praciptane gawok temen atinisun, saiki kena ngapa, guranggame sapatemon, teka sejen pisan lagi mula-mula.
37
Poning mau ewo bae atinisun, luwih sengit pisan, ajaja rep sapatemon, ngrungu bae abane ing ati ewa.
38
Jember bae rupane deleng iku, ing ati mengkarang, mengkorog saking jijithok, dupi iki teka ati kangen semang.
PUPUH XI
KINANTHI
01
Warnanen
Lutungkasarung, ningali kang prameswari, teka kapareng kang garwa,
mesem manis awe sira, sang raja sigra trangginas, angrungrum ing
prameswari.
02
Kang
garwa lumados sampun, tumulus adhicombani, tutuging asisiyan, kaya pa
adating krami, carema la pitung dina, kaduk sang prameswari.
03
Wus
bobot ing wancinipun, kalangkung ing lelesneki, bersih kuning
gilang-gilang, Lutungkasarung langkung asih, dhumateng kang prameswara,
Purbasari kang pinundhi.
04
Kinundang putra ajalu, sumulura maring mami, dhateng karajaan ingwang, duga nyidham sanga sai, binakta amadhang wulan.
05
Sang
prabu Lutungkasarung, angaras-aras kang rayi, kalangkung den kumadana,
ing marma tur eman arsi, wau amiyarsa swara, ing sajroning wetengneki.
06
Mangkana
pamuwusipun, asang prabu ta sireki, saiki dumama eman, ing isun
kalimat lewih, nanging besuk yen wis medal, ingsun males ing sireki.
07
Sira
iku aja tambuh, iya sun bra … luwih, kang sira dhingin prajaya, mulane
engatna benjing, anak-anak maring ingwang, aja tungkul eman nesip.
08
Pareng semana sang prabu, myarsa swara aruntik, tan eca guling adhahar, yen kengetan ingkang wngsit, emar lesu les-elesan, kalangkung ing ruhing galih.
09
Malah
sedheng babar sampun miyos lanang kang prayayi, la bagus suwarnanira,
cayane gumilang bening, tan antara dangunira, kang rama anyandhak
aglis.
10
Dhateng
jabang bayinipun, dinulang upan mandi, iku jabang ora pejah, tanpa
kara-kara nuli, enggal ngunus pedhangira, sinumbele kang prayayi.
11
Prandene
tan pasha iku, Purbasari aningali, kang putra dipun prajaya, anjerit
lumajeng agasik, karsa ingayun ing rama, prabu Ciyungwanara aji.
12
Umatur
ing ramanipun, Lutungkasarung alali, punika mejani putra, nembe siji
dipejahi, sang prabu Ciyungwanara, miyarsa aturing siwi.
13
Lumajeng
malah ambendhung, maring mantu ingkang lali, sigegen ana ing marga,
kocap kang mrajaya siwi, kang putra den wasa-wasa, pon tan kena ing
pati.
14
Dadya
winadhahan sampun, pethi winuwang tumuli, kali cilutung ya nyata, wis
kabekta dhateng warih, ageng santer ilinira, wus sirna kagawa warih.
15
Sareng
wis binuwang sampun, arawuh kang rama neki, kalih garwa takon jabang,
matur kula birat kali, ing lepen cilutung sirna, sampun kabekta ing
warih.
16
Yata
prameswari wau, Purbasari nibang siti, kasirep lelohing putra, prabu
sepuh ngendika ris, embaning turun ingwang, pon isun binuwang dhingin.
17
Kali
iku ing ramanipun, prabu Galuh duk ing dhingin, prandekane iya welas,
papasthene jabang bayi, kudu anurut ing eyang, kang gaib luwih ningali.
18
Kawarnaa
sira sang ayu, Purbasari sawunguning, sajrone wau kantaka, ana ingkang
swara jati, Purbasari aja sira, melang maring anak siji,
19
Kang
bunuwang iya iku, si jabang mangsa amati, tangto kena ika dhelap,
besuk bias muter nagri, anyuluri bapanira, den pracaya kang murbeng
bumi.
20
Sang
cinta tan cidra iku, besuk titenana mangkin, sang putrid dadak sakala,
dewi Purbasari lilir, egar suka manahira, sampun ngunjung kang ayugi.
21
Angunjung
kaliyan kakung, kang mratuwa den unjungi, ing manah wus palipurna,
prabu sepuh ngandika ris, he mantu wruha sira, awake kang gadhang
niladi.
22
Rama
Galuh dun rumuhun, den idhep ing pameradning, karana sabebet kita, ora
aliyan panukmaning, alalise iya merad, Lutungkasarung aturnya ris.
23
Sih
jati waraha nuhun, pameradan pocapaning, sawadose kula ngalap, ing
rama prapona benjing, yen dugi ing ajal kula, boten susah angilari.
24
Angadika
prabu sepuh, ki mantu la tampeni, pungpung saiki purnama, kang aji
pamerdaning, sabebet kula Santana, ing Galuh ora na liyan maning.
25
Yata
prabu Lutungkasarung, enggal sira anampani, mratuwane kang ambabar,
ing ilmu pameradaning, ya sang prabu Ciyungwanara, kandikane sira nini.
26
Purbasari
nyingkira babu, manjinga ing dalem puri, sebab sira ora pacak,
panukmanira lan laki, enggal Purbasari memba, maring dalem Kenya puri.
27
Wus tanpa Lutungkasarung, jati wisik ingkang yugi, ungelling ingkang piwara, onya ing sukma lewi, sukma rasa sukma larang, gumawang tanpa cantelaning.
28
Kadhaton
tanpa gon iku, gumilang sarira mami, lenyep ilang dat pes ilang,
angles-les angluwar ragi, oranana ing rat jagat, sakabeh-kabeh tan kari.
PUPUH XII
P U C U N G
01
Prabu Lutungkasarung wus tampi wuruk, aji pamedaran, purwa saking mratuwane, awor daging awor getih sumarira.
02
Pan sinegeg caritane yan sang prabu, kawarna ajabar, kang dhingin binuwang mangke, wus rumanjing kayangan kipethes peras.
03
Tukang pethes peres ingkang luluhur, buhaya bangawan ika, sang jabang wus panggih mangke, den openi dening ki Pethesperas.
04
Dipun
aken anak jabang bayi ikut, duk umur sawulan, bias rarasan basane,
ngerti dening basane, ngerti dening basane wong pathes desa.
05
Jabang bayi kangucap abeluk-beluk, bapa y ailing wang, bapa aranan reki, ingga iyang bapak ikut namaning wang.
06
Kaki Pathes peres nembe tumon rungu, bocah cilik bias, kaya wong tuwa basane, pan tembene mung ta iki anake sapa.
07
Patut iku ana kadadiyanipun, besuk mengku bala, kasungsun arane angger, inggih iyang iku nama wis prayoga.
08
Pan katelah ing desa pethis puniku, anak pupone ki tukang, esaktemening namane, wis koncara inga iyang ingkang nama.
09
Cilik-cilik bias rerasan satuhu, bocah patut kasurupan, dudu bocah salumrahe, patut ikut tuturunan ing kusuma.
10
Ya putute yen selamet urip tuwu, tungtu besuk ika, dadi raja suntangguhe, yakti ika tengeraning andana wirya.
11
Lawas-lawas pareng umur tigang tahun, Lingga hiyang ika, lalayaran pangameng-amenge, paparahon buhaya putih tinungganga.
12
Wong kang paca ningali gawok andalu, mung tai ka apa, bocah apa setan kene, udan angina mudhik milir nunggang buhaya.
13
Nurut bae buhaya sakarsanipun, den parani ika, dening wong nuli gacike, silem ilang yen wis sadina rong dina.
14
Iya nuli ana maning nyata timbul, umreg wong Pakuwon, katular-tular wartane, katur maring sri bupati Pajajaran.
15
Engandika sang prabu Lutungkasarung, warta anak setan, buhaya putih tunggangane, wong ningali padha wedhi sadaya.
16
Ya gustine pareng nabda semana iku, dadi sirep kang warta, wedi bok den salah artos, sisikune ratu ratu mandi salah dadya.
17
kawarnaan ki empu kang namanipun, ki Calancang nama, kaliya ing comas pandhe, lagya ngalenthung miminggira nang walahar.
18
Maring kali Cilutung kapanggih wau, lare ingga iyang, lagi eca paparahon, pan sinawanganing ki empu calangcang.
19
Sira bocah cilik saking endi kacung, neng bengawan priyangga, sapa sira kang ayuga, Lingga iyang mangsuli kula punika.
20
Kula lare tanpa bapa tanpa ibu, lola dhiri kula, kasur bumi mega kemule, kali bangawan kang nusoni dhateng kula.
21
Pun buhaya kanga sung tedha puniku, inggih wasta kula, Lingga iyang ing namine, ki Kalipa andaringeng manah ira.
22
Nembah tumon lare nabda kaya iku, bangkit yen rarasan, patitis ing wicarane, nyata iki tereheng andanawriya.
23
Empun nabda sira sunimponi kacung, padha maring omah ingwang, sun aku anak temene, Linggahiyang teka dumulur ing karsa.
24
Ki Calangcang ngiring wus dumading aku, prapta wismanira, nyi Calangcang girap gawok, dika iki olih saking ngendi bocah.
25
Lawan iku sapa ingkang duwe sunu, winangsulan enggal, manggih pinggir kali gedhe, datan weruh embok bapaneku bocah.
26
Sun takoni wangsulane iya iku, tan duwe bok bapa, kasur bumi mega kemule, welas ati sun ajak mulih maringwang.
27
Nyi Calangcang nabda bok den salah tanggu, dika nemu bocah, den tututi wekasane, dika dadi den tareka nyolong anak.
28
Toli dika ing sang aji ya di ukum, Linggaiyang nabda, dipun pracaya si embok, inggih kula kang tango bala witanya.
29
Banggi bapa kikukum dening sang prabu, kula purun nalang, abentak lawan sang katong, dhasar enggih musuh kahula ing kuna.
30
Ki Calangcang Nyi Calangcang getun-getun, ana bocah bias, rarasan ingkang samono, patut ini dudu bocah samaneya.
31
Iku bocah ana kada dene besuk, Linggaiyang ika, ngaku bapa ngaku embok, maring empu Kalipa langkung minulya.
PUPUH XIII
DHANDHANGGULA
01
Nyi
Calangcang sajege angimponi, Linggaiyang ora kakurangan, dumadi
kasugiyane, karana lare iku, angrewangi agawe wesi, watu ingkang
kinarya, wesi wus brapikul, agaweyan kang tahuna, pan sinambut palastha
sadina becik, saktine sang Linggahiyang.
02
Lawas-lawas
kirane andugi, Linggaiyang umur rolas warsa, iku teka reremane,
angalasan awangun, omah wesi aneng wanadri, aran wana Cikandhang, jar ai
wesi nurut, wesi lir lempung kewala, omah wesi nem dina sampun
waradin, kukuh kikib agarba.
03
Ki
Calangcang Nyi Calangcang angling, mung ta sira kacung gawe omah, wesi
ing ngalas genahe, la dingo apa iku, aja patiya sugih wani, embok
sisikuning raja, yen iku karungu, dadi apa awak ira, ya si bapa si embok
tan wurung dadi, milu kara baraba.
04
Linggahiyang
wangsulane aris, bapak embok sampun tan pracaya, dhateng kula ingkal
awon, digjabenduning ratu, gisik bapa sampun uning, pun embok tingalana,
jogede kang sunu, ingkang aran Linggaiyang, wani mati kendel wani
ambelani, angrebut bapa biyang.
05
ora
lawas la ika tumuli, Linggaiyang wangun rante tosan, kang adi warna
lekere, lemes kadya tatangsul, lan kena dienggoa bebenting, nanging yen
digelar dadya, bale rante bagus, nanging lamon lininggiyan, iku bale
ora karuwan maning, ya iku dhadhak sakala.
06
Dadi
rante anjiret kang linggih, akeh jalma padha kagawokan, kasuhur ing
kasaktene, Linggaiyang apunjul, ki Calangcang ta ingucap aris, kacung
iku dingo apa gawe bale iku, ya kene ginegem ginelar, dingo apa teka sun
maras kang ati, ya wedi maring nata.
07
Ya
sang prabu Lutungkasarung linuwih, sapa wruha bok kadengangan, tur ta
ora sanyatane, sira katiti luput, tanpa bayanya lampahi, ing siasating
nata, tiwas temahipun, jar kasndhung ing arata, yaw is aja ilok gawe
tanpa tut dadi, riringganing nagara.
08
Linggaiyang
matur boten sanggi, kadengangan ingkang kula ajap, kula ngilari
lalangen, ya ra pon dipun siku, marga anglanggar narpati, dhasare ratu
Sundha, nunggang tawa musuh, mrajaya bramana Lingga, wong tan dosa
mamateni den pateni, ika sang ratu apa.
09
Pan
sakedhap ki Calangcang ngarti, nititeni apa iki bocah, anaking bramana
reko, dening si namanipun, Linmggaiyang patute iki, seja males puliya,
mring bapane mau, buktine kakecap menga, ing basane arep males ing
sang aji, sung sengge iya nyataa.
10
Ora
suwe Linggaiyang mijil, sarta nggegem arante mandira, mring alun-alun
puruge, munggah ing lemah dhuwur, para mantra datan upaksi, Linggaiyang
wus ngangkat, anabuh adhenggung, pusakaning Pajajaran, datan kena
tinabuh puniki, yen tan pejah nalendra.
11
waktu
iku tinabuh den titir, geger samya bala Pajajaran, nyana sang ratu
sumered, umreging bala agung, atandha sing enda-endi, pra mantra
acingak, waspaos andulu, katingal sanyata bocah, surak ing wong iki
bocah saking endi, nakal si gila basa.
12
Iya
sira ngajaraken nangkis, ya rinujak ing wong Pajajaran, kadeleng apa
si monyet, pan ratu agung ing Paku, alun-alun jembar tur radin, andher
ingkang aseba, pancaniti penuh, mung ta sira deleng apa, sudi wani
angunggahi siti inggil, bedhul sapa kang mrentah.
13
Nitir
ganjur pusakaning aji, kaya cumra si tembe wara, Linggaiyang
wangsulane, sira kang selang gumun, ora idhep ing karta jani, pati-pati
manira wani-wani ngaku, ya saking waris manira, matanira baloloken
mataning pring, mada dudu ponggawa.
14
Wong
Pajajaran surake la iki, wis karuwan bocah iki ala, budine lawan
anggkohe, sanyata kethek beruk, sumantana si tai anjing, ngaku waris
nalendra, bubuyute ajur, sawaneh ingkang angucap, aje kakeyan tutur
rujak gendhen gelis, mung ta anganti apa.
15
Pajajaran
kang bala ngebyuki, gagamane wus padha malesat, pada arontok sakabehe,
dadi padha sap maju, nyandhak bocah tan kena kenging, lir nyekel
wawadhangan, ibur lir pinusus, akeh kang para ponggawa, kang malesat
dening padha densepaki, dening sang Linggaiyang.
16
Saya
dangu saya angranohi, ki patih rang-urange kapental, kapental ora
menange, sawaneh para sepuh, ingkang padha awangun piker, kaprimen den
wis tanggal, iya bocah iku, demene iku bocah, ya kaprimen den wis metu
budine ngancil, angluwihi nagara.
17
La
yen isun iki sun pikiri, bok iku susupaning bramana, kang dhingin
denkaropoke, la iki timbulipun, ora kena saloro ngarti, bokmanawane
kuhana, dudu musuh iku, puharane dadi majikan, ya batur dhengawas aja
saloro ngarti, den titening talata.
PUPUH XIV
PANGKUR
01
Dupi
sang nata miyarsa, geger gumuruh kang anan Jawi, sang prabu
Lutungkasarung, sigra amiyos enggal, angliga dhuhung Linggaiyang den
suduk, sapisan madhuwa raga, dadi roro den pindhoni.
02
Sinuduk
pan dadi papat, pining telu dadi wolu sayakti, pining pat
panyudukipun, dadi bocah nembelas, pa wus dadi akeh enggal ngarubut,
sang prabu ngebyuki padha, tan bias polah kawingkis.
03
Rinejeng
tanpa wisesa, lininggihaken ing rante wesi, Lutungkasarung wus
lungguh, ing rante tanpa sesa, aneng bale rinengku ya pinikul, dening
lare kanembelas, den babayang den suraki.
04
Basane
lare akathah, ya sang prabu Lutungkasarung lali, buang jabang aneng
banyu, ing kali cibayabang, prabu Lutungkasarung wansulanipun, iya isun
eling pisan, telu kena ing saiki.
05
Iku
ing sakarep ira, pan si bapa uwis seja sumingkir, sulurana lungguh
isun, yata lare pra samya, surak-surak ing sapanjanging dalam gung,
anggotong kang babaleyan, braise kalaras aking.
06
Para
ponggawa Pakuwan, gumurudug iku padha tut wingking, sapuruge
gustinipun, den bakta maring alas, ing Cikundhang goning omah wesi mau,
Lutungkasarung pinarna, wonten ing pagriyan wesi.
07
Wus
pinutup tanpa sesa, kedya wong den panjara tan bias mijil, lare
nembelas surak kasruh, la ya kita jaya, Prabu Lutungkasarung yata aja
tambuh, ya iki pamales ira, bramana Lingga duk wingis.
08
Yata
mantra Pajajaran, andaringen ningali pohal-pahil, ing bocah nembelas
iku, dening bapa ing laksana, hadan Prabu Lutungkasarung amuwus, he wong
Pajajaran sira, den idhep angaku gusti.
09
Ing
bocah iku kang nyata, anak isun sing rayi Purbasari, prayoga gaganti
isun, dupi manira pejah, mulih maring ajala kasuciyan isun, agadhaton
tanpa genah, lawan patinisun benjing.
10
Ana
ing dina wekasan, wusing nabda samana adanuli, sang prabu
Lutungkasarung, mereh kadya wanara, amengkorog sarta mealakken buntut,
mesate ing jomantara, musna ilang tan ing ngaksi.
11
Bale
rante bus malesat, tiba bumi mila den arani, Balerante iya iku,
wuryataning akuna, wus mangkana lare nembelas pun wau, wus polih dadi
sajuga, kadi duk wau tumuli.
12
Kulawarga
Pajajaran, padha ngiyung ing Linggaiyang ngapti, samatuke saking
ngriku, karsa medhek ingkang eyang, ya sang prabu Ciyungwanara puniku,
Purbasari wus ing kana, ing ayunan rama aji.
13
Wus
kempal amatepungun, prabu sepuh Ciyungwanara angling, la ta bener ujar
isun, sing bangdiwenka apa, Lutungkasarung anuruni rama Galuh, merade
saking panjara, anake kang mikarani.
14
Purbasari
lan momonga, anakira Linggaiyang iki, kang dhingin dibuwang ngebur,
ingbangawan ya ika, saikine sabetahan ya tinemu, katemu maning denira,
den becik sira ngopeni.
15
Maring
iku anak ira, istrinana dumadiya susuluring, bapane ingkang wus
lampus, ya tai ka kang liningan, sami atur sembah sadaya sumuhun,
sinauran dening jagad, geter pater ketug muni.
16
Samantuke
saking kana, Linggaiyang binakta mantuk dening, Dewi Purbasari agung,
wus prapta pura Pakuwan, ing istrenan sampun sira ngadeg ratu, jeneng
prabu Linggaiyang, amurba Sundha negari.
17
Ratu
anyar Pajajaran, Linggaiyang Sinarojang Bupati, bandhu warga kawula
iku, papatihe winastan, Kyai Patih sempokwaja parab ipun, katumenggung
Jatipamor sakti.
18
Lan
Ki Demang Dhungkabadhag. Ki Ngabehi Kolotbuntut asakti, wong sanak
singraja Galuh, lan Ki Dalem Tegaljamang, Sindhangkasih nama dalem
Somaluhur, ajujuluk Somahita, sanak medhoke sang aji.
19
Ya
sang Prabu linggaiyang, kacarita ora jengjem mengku rabi, sing awadon
kang karungrum, ya babar pisan pejah, katarajang Dakar waja
landhepipun, kaya keris landhep pisan, amedal pamore mandi.
20
Dadya
pirang-pirang garwa, akathah selir kawangking angemasi, kang den
wangking angemasi, kang den wangking ingalulut, padha babar pisan pejah,
pan sakehing istri sisiriha maju, wedi yen den rabenana, wados ginawa
sarasmi.
21
Kapokoh
pinaksa-paksa, parandene yen kacebak nuli mati, pramila ika sang
prabu, Linggaiyang dumadya. La yen santek esir nora pilih lawuh, kidang
manjangan den jamah, mulane nuli nedhaki.
22
Kidang
manjangan kang nyangga, ora mati kaduga ana titis, kang tumurunita
besuk, kang katelah sesebatan, kang prayayi kang turun kidang pananjung,
saking kono ruru ira, taliti turunan aji.
23
Selir
kidang lan majangan, besuk ana katela ingkang nami, prayayi kang
katurun, ana ingkang kasebat, gih manjangan gumarang sing naminipun,
taliti purba wisesa, waris Yang Sundha negari.
PUPUH XV
S I N O M
01
Iya
iku kang dumadya tan sakeca ing sang dewi, Purbasari tumon putra,
datan jamak lawan jalmi, dadya tandha rabi, Linggaiyang jalma wudhu,
tan ana musuhira, ing anguling ing sarasmi, acombana istrine nuli
apejah.
02
Mangkana
lawan mangkana, nuli ana jati wisik, kang eyang Ciyungwanara,
angandika ingkang siwi, pitutur kang sajati, kandikane isun rungu, ki
bramana tali atma, ing pulo gunung surandhil, iku duwe anak wadon kang
anama.
03
Namane
ingkang sinebat, ika Dewi Brajawati, patut den ika dadiya, rabine si
Lingga aji, karana Brajawati, bagane wesi atutup, mung ana wara gatra,
kasulur tan ana bangkit, marawani saking atose kang baga.
04
Duginipun
ora liyan, among Linggaiyang sayakti, sacombana lawan ika, jar padha
wesineki, kawagang ing sarasmi, coba ta sungsungen iku, robbana lan
panglamar, la iku gawanen rabi, katalihatma mokal tan pasrah.
05
Ya
ta prabu Pajajaran, Linggaiyang sampun niti, duta maring kasabrangan,
ing pulo gunung surandhil, ponggawa kang den titi, Patih Sempokwaja
wau, kalawan katumenggungan, Jatipamor apa maning, ki demang Wukubadhak
ingkang sami layer.
06
Ingkang
sami kesah ika, Ki Ngabehi Kolotbuntit, sarma bakta palwa sapta, kang
isi panglamar aji, ruruba saking Jawi, barang saking Sundha katur,
maring bramana ana ing gunung surandhil, tan kawarna layare aneng
sagara.
07
Kocapa
sadhatengira, ing pulo gunung Surandhil, dhuta raja ing Pakuwan,
pinanggih bramana aji, sarta ngesrahken adi, sedhah panglamaring ratu,
sang prabu Linggaiyang, karsane aminta krami, Dewi Brajawati kang
dinuking karsa.
08
Lamarane
wus katampan, denira bramana luwih, ing mana suka arena, sinuba ing
Linggi, ingkang pra menak prapti, sukane ingkang nanamu, ki bramana
taliatma, kali ira ingkang siwi, Danyang Brajangkawat, wus ana ngayunan.
09
Bramana
aris wacana, katur ing sakarsa aji, nayangger Pajajaran, mangke karya
angimponi, pecile tiyang dherwis, meng sampun kirang pamuhung, lare
istri badhigal, derenguning tata Jawi, nata sundha nayangger mung
gamulunga.
10
Lan
malih mangke sakedhap, angantos kadange malih, jaler Dangyang
Talibarat, jaler Dangyang Parwatali, sebab ika sakalih, ngumbara ing
karsanipun, anglalana ing tawan, tan mudhun-mudhun ing siti, den
saingga wonten damel kula petak.
11
Den
sampun kula petak, tangtu punika sakalih, sami tedhak ing ngawiyat, ya
ta bramana tali, sigra petak tumuli, sakalih nulya tumurun, ingkang
nama talibarata, lan kang nama Prawatali, sakarone wus, minggah
ngayunan rama.
12
Sukaliye
pinuturan, adhinira Brajawati, ana kang sudi santosa, Prabu
Linggaiyang mangkin, Pajajaran maringi sedhah panglamar amundhut,
sukane adhinira, putra sakalih ngastuti, ya subagja adhi sinarwehing
nata.
13
Malak
mandar darbe tedhak, amangku sundha nagari, Dangyang Brajakawat nabda,
mung wonten melang sakedhik, pun adhi Brajawati, wewesen sarananipun
bilih sang nata Sundha, mange boten miyatani, dados wudhu ing Sundha den
antuk wiring.
14
Dhayang
parwatali nabda, mangsa ngijira sang aji, karana pidhanget kula, Prabu
Linggaiyang sami, sarananipun wesi, pinten-pinten selir lampus,
ingkang pejah dinahar, boten amindhoni malih pramilane angupaya tandhangira.
15
Dhayang
Talibarat nabda, tan kaping kalih adhi, kedah tinaros kentasa, punika
ingkang nglakoni, kranten dede lare alit, bokmanawi mangke sigug, dados
kita kesseman, ing wedra kirang panari, boten dados basa jadra
ponsasmata.
16
Ya ta DEWI
Braja rara, punika sampun tinari, den piyambeke kinarsa, ing ratu
Sundha negari, paran ati lumiring, atawa ing tan purun, Brajawati
aturnya, kahula amdherek maring, sakarsane andherek dhateng jeng rama.
17
Kahula
darma lumampah, awon penes panitihing, wongtuwa datan pejah, kahula
liwarsa demi, ya ta bramana Tali, ing manah kalangkung sukur, re kang
putra sumandha, ing karsane rama yugi, dadya turun rena ngaturaken
putra.
18
Brajawati wus pinuja, ing jati dipun dandosi, sarananing katewangan, ing parahu kang den apti, dening kadang kakalih, Parwatali namanipun, kalawan sang Talibarat, kang angeteraken rayi, Brajawati lalayaran maring Sundha.
19
Kering
marang sang potusan, saking Sundha angsal kardi, angsal putrining
bramana, sing pulo gunung surandhil, putri Sundha negari, kalangkung ing
rena ipun, giyak-giyak anembang, genya layar enggal prapti, aneng
nagri Sundha ingarsa sang nata.
PUPUH XVI
KINANTHI
01
Sang
prabu Linggaiyang langkung, rena karawuhan putri, kadi sutaning
bramana, oliye alaki rabi, wus angrasa katimbangan, lanang wesi wadon
wesi, mulane arjaning krama, malah sampung Brajawati.
02
Bobot
angsal pitung tangsul, salamine anggar binim pepengene warna-warna,
kang ora jamak dening, pinangan dening manusa, parandene den esiri.
03
Kapengen
adhahar kunyuk, ora den sembelih maning, ora lawan minatengan, mung
den panjingaken dening, kadut den kocok kaduga, kunyuk mati den tonyoi.
04
Kulite
deng masih wulu, daginge benyo ayiyid, den enggo embut-tembutan,
dharahe den palothoti, mangkana den kadengngangan, dening Linggaiyang
dadi.
05
Sedhot
hawa manah ipun, ningali dhateng kang rayi, ora kaya Braja rara, kang
ngemong kadang kakalih, Parwatali Talibarat, atumon ipene runtik.
06
Anulya
sigra tumurun, sing awang-awang tumuli, kang ngusap ing bathuk ira,
Brajawali enggal dadi, kang sengit dumadi welas, teka eman teka sih.
07
Lami-lami
ning tumuwus, Brajawati sajen maning, pepengen ing dhaharan, cicindhil
kang masih abrit, den dhahar urip-eripan, den tutulaken ing petis.
08
Den
kadengangan sang prabu, iya timbul sengit maning, dhumateng sang Braja
rara, ora kaya Parwatali, Talibarat ngusap muka, kang sengit babalik
asih.
09
Lami-lamining
tumuwuh, pepengene sajen maning, ing cacing urip-uripan, tengtu lelet
den patheni, mangkana yen kadengangan, mring nata girig sengit.
10
Tan
kaya yen wus tumurun, Talibarat Parwatali, angusp bathuking kadang,
kang mungga kirig ika dadi, kumokod babalan pisan, dumadi kanggep
alaki.
11
Lami-lamining
tumuwuh, ana kang dadi kulilip, maring karajaan Sundha, ora nama liyan
maning, Suhunan Panggungkancana, darbe manah tulak serik.
12
Re
kang putra wau lampus, Lutungkasarung kalindih, dening Prabu
Linggaiyang, dening parecel kumaki, wani wong tuwa si setan, pangganggo
asu griwani.
13
Pira
wareke wong munggu, ora sabar angenteni, ing sirrane kang yuga,
angrumpak turus abecik, mapan den mepes kang yuga, apa layak anyuluri.
14
Ari
iku sawat-sawud, godhog rontok rug-rug wit, pasthine ya sinangkasal,
nagning ora arju margi, kaya ta beyating jalmi ditya, duduta beyating
jalmi.
15
Mengko uga tanggu isun, mangsa lawas angartoni, iku kang Lokambadhigal, lawan ora arju margi, nandhang sekeling wong tuwa, aja dumeh anduluri.
16
Anduluri
sota iku, kapokok broktak dening, anak lagi duwe pejah, samono lagi
ngalahi, wong tuwa kendhang sangaja, nyingkiri wirang lan isin.
17
Wondene
Lutungkasarung, semaune amateni, bramana Linggabuwana, ora paido wong
lagi, ngambing-ngambing rabi mula, kang lagi penyakit elik.
18
Teka
anuli den jaluk, di akon nganggo wajani, la iku lebune apa, tumon
nambakaken rabi, ya ika bramana kaparat, binatang si tai olih.
19
Nah
kala napsune metu, ika dadi banaspati, ngejer ana ing gegana,
malang-miling saban bengi, wong Pajajaran pra samya, kaget ketembe
ningali.
20
Mung
ta apa murub iku, katone ing wektu bengi, ana kang ngarani teja, ana
nengge lintang ngalih, waneh ngarani kamangmang, ana nyana tapak angin.
21
Waneh angrebut kang dudu, deningan sinaban bengi, kaya latune ing lintang, kanggo surup nganggo kedhing, parek maring sulaksana, sutejane wong abecik.
22
Parek
ing lintang kemukus, datan bengi sawatawis, lawase wis sangang dina,
pareng wengine tumuli, anyarengi sri narendra, Linggaiyang sami didis.
23
Kalih
garwa ingkang wau, siweg bobot madhang sasi, angideri tataman, murnama
dening ring-ring, para bibi para inya, kalangkung ing suka ati.
24
Ameng-ameng
ing lalangun, rembesa angulinting, kesel sira ganti siram, ing
pancuran sanga sami, patelesan cindhe jenar, sang aji atilar guling.
25
Sabab
agamaning Galuh, yen purnama tilar guling, yen tanggal pisan apantang,
yen combana lan istri, yen tengange lawan pajar, apantang barang den
bukti.
26
Sadangune ing dalu, nelasaken agiyak-giyak, purnama sajroning putri, waneh ingkang makidungan, anggending jala wekunyit.
27
Kang
murup-murup sing dhuwur, tema warna banaspati, namber lir kilat
sayuta, Linggaiyang sirna lalis, den samber sinawa musna, dhumateng
jongging sawargi.
28
Wong
dalem geger gumuruh, tangise kelangan gusti, awit suka teka dhuka,
Brajawati karuna jrit, kantaka ping nem sadela, kagete kelangan laki.
PUPUH XVII
ASMARANDANA
01
Prabu
sepuh atitilik, lalayad wusa ing waya, gapuh aris kandikane, e-putuku
Braja rara, wuwusen lamonika, wus papasthene Yang Agung, kudu mung
samono sira.
02
Jodho
lawan putu mami, mung siwewetengan ira, ingkang gedhe pangrekdane,
tarimane ati nira, iku kang mangko gadhang, susulure ramanipun, den
salamet urip delap.
03
Aja
sira gawe ati, sasirnane lakinira, mangksa dadiya sangsayane, awak ira
wuseng arja, sira momonga anak, salamet besuk yen metu, estrenana
madeg nata.
04
Ing
sacangkoke sudarmi, kawasa sira murbaa, apa lakinira bae, lan ika
sadulur ira, loro becik jagaa, kaponakane yen metu, iku padha den
kareksa.
05
Talibarat
Parwatali, duk lagi ingucap teka, dadak sakala turune, saking
awang-awang nembah, ing ngarsane sang nata, pinarcaya sira gupuh, kadika
Ciyungwanara.
06
Talibarat
den abecik, jaga kaponakan nira, Parwatali aja gape, embok ana bala
wita, isun pracaya ing sira, ya Talibarat matur sandika ing karsa nata.
07
Ya
ta lami-lami, wewetengane si rara, Brajawati dening sejen, ora kajamak
lan jalma, yuganira tahunan, ana melang lara busung, sawane atur
usada.
08
Dhudhukun
ana anambani, ana nyempad nyata jabang, dening si goronjolane, ana
nyempad banget kelang, atos kabina-bina, nyata ika lamon watu, ing jero
garba punika.
09
Ya
ta lamining lami, ana maning duracara, banaspati kang manglawe,
tumiling ing awang-awang, seja ika nyambera, maring Brajawati wau, seja
denjaragan sirna.
10
Ora
kaya Purwatali, kalihira Talibarat, kalangkung ya ing jagane, anulak
ing bala wita, bales pati konangan, den tulak padha kawur, tanama wani
pareke.
11
Braja
rara estu kapti, Talibarat kang anjaga, sirna bala wita kabeh,
salinggihe Braja rara, ana ing rat Pasundhan, tan ana amaling kecu,
menak pra kuwu sumembah.
12
Wus
kadi raja pawestri, angreh Sundha sigar wetan, apa ingsun cacangkoke,
waktu nata Linggaiyang, karta buwana ira, kaumban roro sadulur,
Parwatali Talibarat.
13
Mangka
dhateng waktuneki, Brajawati nulya babar, ora jamak ing rupane,
prayayine dudu bocah, rupane ika kadya, galundhung lir gandhik watu, ora
asipat ing jalma.
14
Nanging
ika obah mosik, galang-geleng ing tatampa, baleger lir gandhik bae,
geger ing wong dalem pura, ana jabang tan jamak, enggal rawuh prabu
sepuh, maraja Ciyungwanara.
15
Aningali
jabang bayi, girap-girap sabdanira, la iki nuli kaprimen, ana urip
tanpa rupa, iki jenenge apa, gumaluntung kaya watu, ana obah ora swara.
16
Kapremen
dayane iki, dening iku buyut ingwang, ora kajamak rupane, nuli kapara
mentala, ambrih dadi manusa, ing mangko dadi susulur, iku kang wus ora
nana.
17
La
coba undangan gelis, iku embok nyai indhang, Gunung Sakati watune, ika
wong tuwa manawa, sugih reka pandaya, maring kang mengkono iku, manawi
wus nemu luwang.
18
Sigra
mangkat angaturi, jeng Nyai Sukati indhang, tan kawarna ing lampahe,
akocap sapraptanira, si Indhang Sakati ika, ningali jabang lir watu, ora
endhas ora tangan.
19
Gulundhung
wis apa gandhik, kipya-kipyahe nyi indhang, ora guna ora gawe, wong
anak-anak bok apa, kang bener aja sarar, ting-banting aja na wuruk, sudi
gawe anak Sundha.
20
Luluhur
ingkang mayungi, pingnangeran ing jawata, ruruhe marga benere, aja
anerus simpangan, sang kama-kama dadya, kamapmaja kamaptulus, dohena
gungsu minggaha.
21
Nuli
nyi Indhang Sukati, ambabar punang paesan, kinacekaken age, maring
Dewi Brajawati, wusing kadi mangkana, den kakacakaken gupuh, ing jabang
kang kadi tosan.
22
Sakedhap
nuli anjerit, jabang bayi nangis ira, jebol katingal endhase, nuli
sinembur den irag, jebol metu kang tangan, kuranggeyan nyawuk-nyawuk,
nuli kinetab kang pada.
23
Jebol
dadi metu sikil, sapurna wus sipat jalma, atos-atos pra semone,
Indhang Sukati ngandika, kamrala isi jabang, anurut ing kaki buyut,
nurut jalma dadi jalma.
24
Den
saiki sun arani, si kacung munggwaya delap, si Linggawesi namane, si
buyut kang gawe aran, ambridelap agesang, kanggo nunute si buyut, ana
ing jagat Pasundhan.
25
Sadaya
suka ing ati, Brajawati tumon ing putri, wis kajamak lawan uwong,
nuwang prabu Ciyungwanara, kalangkung sukanira, ningali kang kaya wau,
sampun kaya manusa.
PUPUH XVIII
M I J I L
01
Indhang
Sukati awewekas jati, maring sang dewi reko, poma-poma nini aja aweh,
panduman salamet benjing, si kacung den eling, sandenge tumuwuh.
02
Ya
pacuwan ilok akakaca dhiri, kakaca angilo, iya kacung kon pantang
sandenge, ora kena ngilo dhiri, tuwin ngilo caremin, tuwin ngilo banyu.
03
Pan
mulane pantang ngilo carmin, krana iku wong, asal sing kono anane,
saking kaca timbole dadi, mula ja den kakacani, embok pulih watu.
04
Pulih
watu lebar ingkang jati, poma den angartos, dadi braja aris
wangsulane, inggih kasuhun ing sihe nyai, yen tan ana nyai, tangtu ical
ruru.
05
Tedhakane
kacung Linggawesi, boten dados ewong, galang gulung wikan jenenge,
dupi ika saking pun nyai, kang paring kamarin, saprakawis nuhun.
06
Inggih
minanten langgeng pakeling, prakara samono, ing saweweling ing nyai
sakabeh, kang sumeja kula ati-ati, miwah ta ing benjing, pun kacung
aemut.
07
Kula
emutaken tan ing benjing, den sampuna angartos, ing basa basuki jalma
kabeh, datan wande kula wanti-wanti, pun kacung kapenging, akaca ing
besuk.
08
Ya
tan Indhang Sukati wus pamit, kantun prabu kolot, Prabu Ciyungwanara
langkung sukane, prayayine den baraseni, den embang tumuli, pinajengan
agung.
09
Pan
binakta munggah sitinggil, ginrabeg kabrabon, lan kadhingdhang saruni
salompret, calapitaka lawan suling, sinowara gelis, dening sang prabu.
10
Prabu
Ciyungwanara sru angling, la iki dengartos, kawula menak pra kuwu
sakabeh, iki jabang wus sun istreni, angadeg narpati, nyuluri kang
lampus.
11
Pan
sinebut Prabu Linggawesi, ing Sundha sang katong, ya pragul menak
sakabeh, pan gurumu samya matur inggih, sarta den sauri, ing ketuk
anglugur.
12
Geledhuging
gurbaning ukir, kakseni den mangko, Linggawesi ing mangke ingistren,
ngadeg ratu sing jabang bayi, enggal murud sami, malebet ing kadhatun.
13
Nelakaken
prayayi sartaning, angandika reka, Parwatali Talibarat mangko,
enggonira jaga ngati-ati, maring si kacung aji, den becik atunggu.
14
Kaponakan
aja sira cenger ngarsi, kang babasan embok, aja gampangaken salir
gawe, kang kalawan angati-ati, embok banaspati, kaya mau-mau.
15
Sapa
wruha nyamber jabang bayi, la sira sakaro, ora liyan ingkang patut
molek, arumaksa maring jabang bayi, mung sira sakalih, ingkang luwih
patut.
16
Prabu
jabang si Linggawesi, ya ta ika karo, Parwatali Talibarat, atur sembah
ing sandika ugi, anulya sang aji, prabu sepuh mantuk.
17
Mring
daleme wus acakapti, kocap sang katong, prabu jabang ing
salami-lamine, Talibarat lan Parwatali, ingkang ngaubi maring, (?)
kalekanipun.
18
Prabu
jabang ya sang Linggawesi, diwegira mangko, umur tigang tahun jejege,
darbe manah berag ing pawestri, sing aistri manjing, ing tobong den
susul.
19
Pan
bagane dipun rogohi, dipun ingok-ingok, wong jro pura agawok atine,
dening iki majikan cilik, patute wus esir, maring wadon iku.
20
Dening
ora kaliwat sawiji, ingkang manjing tobong, iya padha den sirik
sakabeh, sarta lamon ing mangsa ing wengi, yen waktu nyarengi, wadon
padha turu.
21
Den
wiyak kapati den grayangi, ingiling den tonton, dadi enggo dodolan
duwena, pareng tangiya iku nuli, ora dhing-dhing kelir, den rengkot den
rangkul.
22
Den
arasi den pareng ing istri, kang ati sumonggon, iya sida kuwel pareng
karasmen, saoli-olihing cilik, tandhinge pawestri, wis gopek
sakrangulu.
23
Ya
pinangrengkangi budi teni, kang putra samono, ratu Brajawati age,
memetheti ingkang para istri, kang cilik kang becik, pira-pira puluh.
24
Den
go selir ingkang putra aji, langkung den gegembyong, den pantha-pantha
adi warnane, den embani sinureni, dipun wiwidahi, burat ganda arum.
25
Kadya
sekara sataman kang asri, warna-warni katon, kadya lintang gumelar
aneng, langit warna ing para selir, ingkang cilik-cilik, ing watara
umur.
26
Nelung
tahun istri becik-becik, wus pating pancorong, sinijang abrit sakabeh,
parandene prabu Linggawesi, tan karsa nyangkrami, istri cilik iku.
27
Karanane
ingkang wus bibit, kang dhenok kang sempwo, kang mragaga dedege gedhe,
kang wis sarwa gamoling kapti, mangkana sang aji, suk ing karsanipun.
PUPUH XIX
M E G A T R U H
01
Indhang
Sukati awewekas jati, tumingal maring kang siwi, teka ing karemenipun,
maring kang gedhe kang uwis, bandhot menthonge ambewok.
02
Ya
pondhodhang dhadhinge masih sepanudu, ya ta ingkang ibu nuli, methet
ingkang sepuh-sepuh, kang wus marga kabecik, kang gamol gandhes acemol.
03
Pirang-pirang selir kang adhenok cangking, rasti kang pirang-pirang puluh, malah agung ingkang sami, bobot ana pitu wadon.
04
Teka wayah babar sakapitunipun, dadi kaya dudu siwi, kaya adhine puniku, jabang pitu abecik, warnane rampak yen tinon.
05
Padha bae gedhene lare pipitu, prabu sepuh angrawuhi, Ciyungwanara ndulu, canggah pitu bungahi ati, kaya adhine kemawon.
06
Kaya adhine si Lingga iku, dudu kaya kang siwi, ya si Linggawewi iku, mutrani pipitu reko.
07
Lanang kabeh ing sapitunipun, Ciyungwanara ling aris, la iki ya canggah isun, pipitune sun arani, si Linggabuwana katon.
08
Kang sijine Linggapakuwan jenengipun, lawan sawijine maning, Linggasana naminipun, iku sawijine maning, Linggasri namining wong.
09
Linggaerang
Linggamurti Linggarayu, sakapitune ing benjing, kon ngudang kakang la
iku, ya maring si Linggawesi, den kaya sadulur medhok.
10
Linggawesi
ngundanga adhi maring iku, maring kapipitu iki, karanane sira durung,
pantes mangko anganaki, rong prakarane dha rapon.
11
Delap ika anak ira kang pipitu, lumayan rempeging urip, kanggo gegerebeg ngunggu, bala sadulur kumaritig, turanta anak sajatos.
12
Aeng temen inglalakon ira iku, ana ta wong masih cilik, aduwe anak pipitu, bari rampak gumariwis, gumredeg lir anak enthok.
13
Parwatali Talibarat aturipun, sandika ing titah aji, menanten uga kadulur, angraksa tedhakan aji, lumampah idhin sang katong.
14
Prabu Ciyungwanara sampun amurud, kocap sang Linggawesi, iya sate masih timur, naging pangertose kadi, ratu ginotama mangko.
15
Yen
wis linggih ing korsi gadhing rinubung, ing para selir kang ngapti,
kang padaha adhunuk-dhunuk, kang aputih kang akuning, kang nyenyokar
melok-melok.
16
Ingkang
mobyong kang empuk panggarapipun, kang cepol angaca piring, ya ikut
kang raket ngayun, nalendrane sagegethik, selire abentrok-bentrok.
17
Lan
kang padha anggemeng kombalanipun, ora nana liyan maning, kabelani
pundha iku, wadon ireng-ireng manis, ingkang bobokong anggeyol.
18
Prabu lare Linggawesi masih timur, karemane ingkang uwis, angrambaka bokongipun, wus tuwukan sagunging, karsa kang para samono.
19
Prabu
Linggawesi jengger tuwuhipun, ing Pajajaran muponi, sagunge menak pra
kuwu, bang wetan salir kumilip, padha anjum sila panor.
20
Ya
gul menak asribawat samya riyung, sinaroja ing bupati, Prabu
Linggawesi mangun, malih kapatiyan nami, Kiyan Patih Bandhungkrayo.
21
Lan tumenggung Sukabeling naminipun, asale saking Keling, bangsaning koja guludhung, andel-andel Pakuaji, wani mati solot-pogot.
22
Ki
Demang Alurkoneng kang pinangka dipun, pecat tandha adhir-adhir, Menak
Podhang Ujungberung, lan Ngabehi Tegalbibis, kang lebda karya ing
kono.
23
Kang
tut wuntat ing sang nata ngalor ngidul, iyang-iyung kanthi wiri,
ameng-ameng maring luwung, amandhikudhing jamparing, abandring cohok.
24
Ngayok
alas arame surak gumuruh, paburuhe bangkit-bangkit, angungsen kidang
apaul, ana pingkal salih angrok, gurnata garungune bedhil, sing kidul
sing elor.
25
Pan
tawura swaraning gutuk puniku, ting sariwik nganan ngering, wetan
kulon ting careluk, padha retak anguneni, cala bangir kang pada lok.
26
Alok buron kaburu-buru alaju, sadaya ambedhak sami, laradan alayu-layu, ting barisat sami lari, waneh kang padha nalosob.
27
Yen
wus tutug abuburu aneng luwung, nuli padha ganti ulin, nuli samya
ngundha manuk, ana ameng-ameng gathik, ana panggalan agacon.
28
Ora suwe jajangkungan ngalor ngidul, nuli areyog asrih, begog anjog langunipun, sabagi-bagiha ulin, ana pingkal silih angrok.
29
Rog-rogan
ting bilulung ngalor ngidul, ora suwe asukati, dodolan raraton umyung,
gumuruh pating jalerit, tan suwe ujungan kang wong.
PUPUH XX
M I J I L
01
Sedangune
suka-sukawan tu bocah, tan adangu tumuli, ageger ing tawang, ana
wowolu dhustha, banaspati ngarah aji, sapraptanira, kang seja den
samberi.
02
Milang-miling
kumrab ana ing tawang, sumyak amobat-mabit, ing gagana galak, kadi
ulung babahak, kang sadya anyamber pitik, tan antara ika, Parwatali
akali.
03
Talibarat
amapang ing awang-awang, sakehe banaspati, padha tinangsulan, sakabeh
pan kena, kagandheng anjok ing bumi, pating kurenyang, pating jalegir
ing bumi.
04
Samya
tinonton dening wong sadalem pura, aeng temen sun tingali, raining
kamang-mang, awake kaya buta, sikile nungsang ming nginggil, rambut
maudag, mobyong-mobyong lir geni.
05
Untunya
ngisis baris sakampak-kampak, lambe kandel malenthing, ilate amedal,
amelet anggigila, mana sabendhe mundelik, eluhe wisa, marakbak kadi
geni.
06
Iler
yiyid murub la ika padha, wowolu banaspati, padha cinancangan, ing
witing pakujajar, dadi ingon-ingonaning, nata Pakuwan, sang Prabu
Linggawesi.
07
Ting
burangkang aneng witing pakujajar, de go dodolan pranti, ing
ameng-amengan, ing wengi suk awana, rame-rame ingkang sami, asuka-suka,
ambebeda banaspati.
08
Sawengi-wengi
tuwin sadina-dina, sang prabu Linggawesi, dodolan kamang-mang, sarta
wong dalem pura, kalangkung sukaning ati, lan kinepokan, amawi den
suraki.
09
Banaspati
lamine den ingu delap, den pakan lawan daging, daging buron alas,
saparti ngingu macan, lan ta ana jalmi, kang ukum pejah, den pakakaken
belis.
10
Maring
iku adat purba Pajajaran, den go ambuwang jalmi, mangkana ya ika, pala
karta Pajajaran, kaparing lamining lami, suliha tedhak, meraja
Banaspati.
11
Sadya
nira angrebat ing rewangira, kapanggih sira aglis, lawan Talibarat,
endhas kang sira ngusap, he madigda Parwatali, lan Talibarat, munggah
suka akasmi.
12
Rencang
kula wowolu kang dika cang-cang, reh ipun sampun lami, jengandika
cang-cang, kokalan ing druhaka, sedheng dipun apunteni, kang muga-muga,
kabeh dipun uculi, kang ukum pejah, den pakakaken belis.
13
Maring
iku adat purba Pajajaran, den go ambuwang jalmi, mangkana ya ika, pala
karta Pajajaran, kapareng lamining lami, suliha tedhak, meraja
Banaspati.
14
Sadya
nira angrebat ing rewangira, kapanggih sira aglis, lawan Talibarat,
endhas kang sira ngusap, he madigda Parwatali, lan Talibarat, munggah
suka akasmi.
15
Rencang
kula wowolu kang dika cang-cang, reh ipun sampun lami, jengandika
cang-cang, kokalan ing druhaka, sedheng dipun apunteni, kang muga-muga,
kabeh dipun uculi.
16
Gih
sumangga kabeh padha sarat tobat, lawan sumpah kang candri, kang
babasan aja, wani-wani gaweya, ingkang kadi wingi uning, kula kang
dadya, saksining seja pati.
17
Pan
sejane banaspati satedhaira, tan genah wani-wani, duriyat Pajajaran,
balikan kudu jaga, ing duriyat Pakuaji, ing ngendi prana, ingkang anak
putu aji.
18
Pasthi
iku banaspati iku jaga, kemit maring sang aji, tedhak Pajajaran. Ika
kang sinambangan, sok nang gunung sok nang pasir, kamang-mang jaga,
turuna Linggawesi.
19
Tan
pracaya sumangga atetep jaga, dumadak lirwa jangji, ungseden
maningala, rantenen pakarsa ngolahi, lan sanadyana, den pajahana
mangkin.
20
Kula
boten lajeng nanggel kang acidra, kang wolu banaspati, yen mangke
cidraa, kula dhewek kang tandang, mejahi babu pribadi, dingge punapa,
anguripi ing wewering.
21
Ya
ta sira Parwatali seja marma, Talibarat pon ugi, seja apracaya, maring
raja endhas bang, Yang Maraja Banaspati, prajangjinira, amintal usul
ing abdi.
22
Parwatali Talibarat ing sabdanira, yen mangkono ya becik, nangi kita padha, pranjangji lawan sumpah, banaspati wolu sami.
23
Iku
dhateng banaspati wolu sigra, den culaken tumuli, banaspati padha,
nembah dhateng sang nata, ngaturaken ingkang abdi, kang pangawula,
rumaksaa ing jeng gusti.
24
Pramilane
Pajajaran akeh kamang-mang, kang kakayon ana hing, gubug sawahan,
suwawona ing tetelar, nguwel-tuwel kadi geni, manecat ilang, cat katong
dening jalmi.
25
Ana
meled-meled aneng gubug-gubug padha, angleledhek wong ngarit, gone
gigila, malayua genudhang, duga pegel kang lumari, napase kesotan, mogok
kang den baleding.
26
Kamang-mang
tinangkeb lawan keranjang, gelethak dadi lupi, mangkana kang adat, jar
bangsa siluman, nanging kamang-mang cawiri, tan amikara, amung
samemedeni.
PUPUH XXI
L A D R A N G
01
Sadangune suka-sukawan tu bocah, yawis tobat, ing wuri tat Linggawesi, satedhake dadya pangregep kewala.
02
Pramilane Praburara Linggawesi, yen kekesahan, ing wengi kang peteng nuli, ya kamang-mang pinangka damar ing lampah.
03
Mobyor-mobyor kaya obor atut margi, ing lampah, kamang-mang padha angiring, satedhake sang ratu ing Pajajaran.
04
Ya angraksa ing sabandu kulawargi Pajajaran, awake manungsang menginggil, ya kamang-mang iku endhas kewala.
05
Yen tawiri kamang-mang awake paksi wus marena, sabagi-bagi, kawarnaa Prabu Linggawesi nata.
06
Wus prajaka yuswa umur salawe warsi, ingkang putra, pipitu kadi wargi, rantab-rantab sakabeh namane lingga.
07
Linggapakuwan tanopen Linggasari Linggasana, Linggaerong Linggamurti, Linggarahayu kalawan Linggabuwana.
08
Kapitune wus alinggih bupati namanira, sakabeh sinebut nami, kang kaprabon pipitu ing Pajajaran.
09
Kang pinangka bala ratune Linggawesi jenggerjagat, Pajajaran duk jamaning, iya iku amengku purbanagara.
10
Iya iku sang prabu Yang Linggawesi Linggatosan, babalik remen ing alit, maring wadon marucupe lagya.
11
Ingkang durung susune kumaringkil, wadon ingkang, masih rata kang pepenthil, kadya kaya susuning bocah lanang.
12
Wau pupak ya iku kang karemani dadya ika, kang ibu amemetheti, wadon cilik wus angsal kang kawandasa.
13
Gumariwis pan kaya bebek memeri agiringan, sagendhongan kumraritig, denpahesi sandhangan kang adi pelag.
14
Dadya susah ingkang ibu Brajawati, genya dhana, anuku-nuku atining, bocah wadon sangkane gelem dewasa.
25
Mungguh sire iku Prabu Linggawesi maring bocah, kang tembe pupak sawiji, kumokod pisan ing bocah perawan pelag.
26
Ya sang prabu dadi ora duwe selir, maring bocah, kang wus lungse sathithik, ora esir maring bocah kang wus tarab.
27
Kang wus reseb padha miretan kawangking kaparek kang, lare ingkang durung gething, iya iku kang kinarsakaken nata.
28
Ya sang prabu Linggawesi lir lare alit yen dodolan, yen mangsaning udan nuli, ya selire padha katimbalan wuwuda.
29
Aing latar anuli dipun suraki, lawan dinar, ya ta sakathaning selir, kang wuwuda rebut dhingin ruru dinar.
PUPUH XXII
01
Kang sinebut namaning kang raja sunu, Prabu Linggawayang, sinungan kabopatene, Bantalwaru ika ing cacangkok ira.
02
Ya mangkana Prabu Linggawesi mundhut, putrine wiliyang, Dewi Cibongas namane, gih punika nembe umur dasa warsa.
03
Sacareme ing kana kinarsa jatu nata Pajajaran pinangka bini ajine, malah iku sampun miyosaken putra.
04
Lanang ingkang sinebut ing naminipun, Prabu Linggarasa, sinungan ing kabopatenen, Karangsambung Purakadhongdhong Malangya.
05
Nulya Prabu Linggawesi sira mundhut putri Barisbulan, Dewi Rasati namane, iya nembe kang umur sadasa warsa.
06
Sinaptanan sampun pinrih jatu, ing dhatu Pakuwan, pinangka iku sang katong, careming sang sampun miyosaken putra.
07
Lanang ingkang sinebut saparab ipun, ing raja kaputran, Prabu Linggaening reko, pan sinukan kabopaten Sokalaya.
08
Lami-lami Prabu Linggawesi mundhut krama putri nira, Sunan Gunung Puntanggedhe, ingkang nata Dewi Rara Lisniutama.
09
Pon ya tunggal anembe yuswa sapuluh tahun wis pinuja, prameswari aneng kono, pan amurba para garwa ing Pakuwan.
10
Intening wadon ing pura Pakuwan agung, iku prameswara, Rara Lisni ing jenenge, ketang garwa waruju nanging kang dadya.
11
La yen mangking gamparan ika sang prabu, nyarengi kang garwa, lari gulingan ya age, ing karsane inguculan kang gamparan.
12
Arumaksa bilih kagete sang jatu, garwa kinasihan, kakasihing segedhene, damak-dimik lumampahe ta sang nata.
13
Genya tumpek ponjan asigarwanipun tansah pala-pala, mila sang prameswarine, ya wus bobot ananging ora kajamak.
14
Atahunan anggene ameteng iku, ora baba-babar, wus pirang-pirang lawase, kang dhudhukun anggrarayang sing dhi ora.
15
Kang sawane angarani rara busung, kawelehe ika, dening tan ana rasane, dupi busung akundhangan rasa lara.
16
Dupi iku ya kaya wong meteng iku, sejene mung lawas, ora na bebeleyane, kang sawane ambadhek lamon kawaya.
17
Kawelehe dening katilap ing ngujum, tan katara pucat, ora rumab ora nonjok, panyanane masih gumilang padhang.
18
Kang sawane lamon ika malembung, kanginan ika, kawelehe ika deneng, ora katon urat kang pating karenyang.
19
Dupi tingal ajar lawan wiwiku, den iya sanyata, mateng sang dewi samangke, isi jabang supaya tan karsa medal.
20
Ya sang Prabu Linggawesi ing tanyanipun, la prepun baya, paman ajar tarekange, dra pon medal si jabang duk kaya saban.
21
Para ajar sabane boten pikantuk, yen mange medala, kadesak wedale dhewek, boten kenging den paksa-paksa medala.
22
Ya sang Prabu Linggawesi pan dhedhesipun, iya kena apa, paman ajar satemene, weharena aja sabda kang den garba.
23
Para ajar para wiku sabdanipun, gih boten gadug, boten kilap ing sang katong, mangsa boten ing gelar ing waskithaa.
24
Ya sang Prabu Linggawesi dhedhes gapuh, paman ajar dika, aja gamam ing awale, babarane ing suka atawa dhuka.
25
Para ajar awale babar pamuwus, ye punika jabang, ing mangke tulus wewedhe, kudu dang nata rumiyin ingkang asirna.
PUPUH XXIII
S I N O M
01
Tan
anatara sang nata, tarengkep ana ing, nang latar lan prameswara,
kalangenan den ideri, ing adining puri, awit rebah watangiku,
ngadhem-adhem ing pantara, paninisan angemba ing, ana wang-wang
lalangenan karta yasa.
02
Ingkang
abanjar wangunan, wus katingal sadayaning, ingkang ngadi ing
ngadhenan, giyak-giyak wong jro puri, andherek ing sang aji, sarupane
parekan agung, samya suka ati, pan kalilan ing nata acangkraman.
03
Brajawati
apotusan, emban amintara aglis, ing anak isun nata, tuturen den ujar
mami, la sendekala iki, wong dhodholan reren kudu, gampang mengko wus
miwat, sendhekala ngalas maning, ya kon manjing dhingin maring
padaleman.
04
Isun
iki enak, kumepyar rasaning ati, kepyar rasaning ati, kepyar-kepyur
taragdagan, melang dhirine kang siwi, sendhekala sukati, duduwa dining
gumuyu, ya ta caraka wus kebat, prapta nembah nuhun gusti, ing paduka
gusti jandika katuuran.
05
Dening ibu dalem ratna, katuran mantuk ing puri, puniki pan sendhekala, gampil manghkin lekas malih, sapunika timbalaning, ibu dalem ratna wau, boten sakeca ing manah, dangu wonten taman sari, Prabu Linggawesi wau sabdanira.
06
Mengko
isun mulih ngomah, ya mengko sadela maning, gumuruh kang suka-suka,
dupi iku kapiyarsi, ingkang ibu raja dewi, wong den penging andalarung,
mung siku adating apa, ora ngrungu pamarahing, banget melang ing
ila-ila ing kuna.
07
Ingkang
aran sendhekala, tan kena barang sukati, susulan maning la ika, age
mantuk dalem puri, nembah matur ing gusti, jandika katuran mantuk,
timbalane ibu nata, punika kawanti-wanti, sendhekala boten suka meng
amengan.
08
Gampil
mangke yen kalintang, saking wanci pacek desi, Prabu Lingawesi nabda,
ya mange gak arep mulih, sira jacraweya ing mami, wis neng kene bae
iku, aja balik marana, sawusing kadi kamangkin, masih kadi bocah alas
wuwu cawak-wak.
09
Ganti
mara asu aba, gumuruha warna-warni, abane antong wirasa, ya ta Dewi
Brajawati, kalangkung dhegel ing ati, anjog sajanira nusul, dhateng
panggenan putra, ya ta sang prabu wus uning, yen kang ibu rawuh pan
samya umpetan.
10
Sirep
ora ana kang swara, ora na abacut mewit, pating salindhut singidan,
kang ibu kelangan lari, ngandika mung ta iki, kang baribin padha
mampus, maring ngendi Linggatosan, rabine kapadhan maning, ya si Rara
Lisni baranyak tandhungwaya.
11
Sandhekala
wong kang kuna, ila-ila bari iki, dheweke lagi garbana, wong meteng ya
kudu wedi, kudu duwe pamali, aja lok sawaya laku, mapan si dhewekw
ika, meteng tan jamak lan jalmi, datan babar nuli lelewane pisan.
12
Mung
ta padha asingidan, umpetan kang maring ngendi, dhigal temen
atiningwang, dening lelewaning siwi, ora suwe ika hiji, kenang samber
mata prabu, ing mamala sendhekala, buduk namber mataneki, nata anjrit
agiro tur gedebugan.
13
Anjeli-jeli
karuna, Rara Lisni aningali, kang raka kadi mangkana, ya dadi milu
anganis, adan wong jro puri, padha nangis sambetipun, gusti kita kenang
apa.
PUPUH XXIV
KINANTHI
01
Prameswari
nira gupuh, Rara Lisni ical arti, duk tumingal ingkang raka, pan kadya
tambuh ingkang manah, kami ruru seneng ing ati.
02
Pan
dadining sakatemu, ora kalawan pamili, katharak-thaak ing tingkah,
amundhut kacatu mulih, tiningalaken enggal, ingkang raka mukaneki.
03
Raka
dika tingali iku, ing jro kaca kaeksi, ora wurung katingalan, iku kang
dadi kalilip, pan dika jiwit kewala, tan wande kalilip kenging.
04
Saestu
kang garwa iku, yen sang nata boya uning, pantangan lamon kakaca,
pramilane gelis ambil, amundhut carmin punika, dipun tamengaken aglis.
05
Marang
wadana sang prabu, Linggawesi aninggali, pan mangkana tan kemutan,
welinge ingdhang Sakati, ya den penging akakaca, ing pantangane sang
aji.
06
Ora
kaya dening iku, guragapaning asakit, tan kemutan apa-apa, kang garwa
mintoken carmin, ing sarira kang nata, teka tan kemutan iki.
07
Sareng
ngilo kaca wau, katingalan sarira neki, adan geblang ya sang nata, iku
dadi wesi malih, kaledhug ingkang sawara, ing lemah baleger gandhik,
prapta ing kana lalawad, angandika mituturi, ya wis padha ing pasrah
sira, wis karsaning Yangandum titi.
16
Ora
ana gunane iku, ya wus katalaya dadi, kadalang suhing ngungkara,
mangsa ababalik maning, wong wis dadi padha pisan, laku lalis tan ping
kalih.
17
Mapan
mangsanaa iku, udan kang wus timbang siti, nuli balik ing ngawiyat,
mapan reke sami neki, kembang kang wis megar ika, mangsanaa kudhup
maning.
18
Lalu
marag kembang iku, kang padha sengkel ing ati, balikan padha rerepa,
mangke gadhang timbul mijil, saking garba wewetengan, Rara Lisni tahunan
iki, Linggawesi sampurna kena, ing pasentran candha warsi.
19
Ing
pasisir kidul iku, pama ing pacendheneki, ya ta opyak para putra, pra
sami gelar ngasreni, kurnapane ingkang rama, kang sampun sirna alalis.
20
Samapta
krajaan sampun, wus gumelar pangladhenging, kangmarapit anjalana, ing
margi andher awilis, tanpa pegatan lampahnya, pucuk praptangpa
candhening.
21
Kang
layon wau sang prabu, datan mangkat saking puri, saking kathah
upacara, baris kang sabagi-bagi, pajeng asri payung kembar, payung
agung dhedhet kehing.
22
Lampahnya selur adulur, pan sasilir ing angin, sangkan-sangkan bae kudu anemahi, ingkang arep cilaka.
PUPUH XXIV
01
Ora
ana bedane ing jalmi, kang arep bagja sing sangkan-sangkan, kudu bae
nemu eleng, pramila kudu emut, nyai Brajawati kang silib, ora opyak
sawara, maring anak mantu, ing kalpantanganing anak, ya mangkana anak
mantu, kang tan uning, temah nrajang pantangan.
02
Den
wis nrajang pantangan tan keni, yen dangdani ingkang aran sirna, ing
lalis tan kena wande, datan kena pindho laku, kudu bae amaspisani, ing
pati lawan merad, tunggaleku nipun, ingkang mingsa dhasaring toya,
ingkang ambes ngayangan dhasaring bumi, sakabeh iku tunggal.
03
Kang
minglintang kang mingsurya sasi, kang sumurub ing jro garba, anang
gunung ing jro garba, anang gunung ing wetenge, ing jro wetenging watu,
pan sarupa lakuning pati, lincakan aneng buwana, dudu iku lampus, dudu
mati dudu pejah, pan kewala salin nagara den panggih, ananging den wis
pindah.
04
Ora
mantra den abalik maning, mung sapisan sapisan kewala, tan mindhoni
lincakane, mulane laku iku, wus den becik wuwusen nini, amung kari
entenana, iya Rara iku, wewetengan titinggalan, Brajawati wuwuse angemu
tangis, nya mungga tulungga.
05
Wewetangan
dra pon gelis lahir, den kajamak kalayan manusa, punapa adat kang
prantos, sampun takeran tahun, susah temen yen boten si nyai, ingkang
andaya-daya, nunten kaparipun, pola kula ngajab-ajab, ya aganti tanpa
anten-anten dugi, windon takeran warsa.
06
Inggih
kula boten kilap nini, supayane tiyasa amedal, Indhang Sakati sahure,
isun jaluk kukudhung, wastra putih ingkang abecik, den barikut
sabadhan, lan ukupana kang agung, kira-kira sakalapa, isun pejah
dodolan ngundhang kang gaib, atawa mangurungan.
07
Lan
anjaluk kembang kang wangi, ingkang warna kalawan dasa nedha, jawada
ing sawarnane, ya ing pasar kono iku, go sasajene kang gaib, boreh
wangi lan lenga, suri kacinipun, lan kembang campaka pethak, karang
melok aja na kari, iku sadiya kena. ☻
08
Ya
ta Brajawati wus nimbali, wong jro pura kinen sadhiyaa, ya ta wus
pepek sakabeh, ing sasangen pamundhut, ipun Indhang Sakati, maragsag
ing ayunan, nyi Indhang kukudhung, putih sarta ngukup menyan, sadangune
muja rara den adhepi, maring kang meteng lawas.
Continue Reading
5
komentar: